Rikala jaman
semana, ing Pulo Majethi ana satriya kang bagus rupane, asmane Ajisaka. Kejaba bagus lan
sekti mandra guna, Ajisaka uga wicaksana. Sang Sinatriya kagungan punggawa
loro, Dora lan Sembada. Punggawa loro mau setya banget marang Ajisaka, tansah nindakaken apa kang dadi dhawuhe
bendarane.
Ing sawijining dina, Ajisaka arep tindak ninggalake Pulo Majethi. Tindake karo punggawane
kang aran Dora, dene Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi. Kautus njaga
pusaka piyandele. Sang Sinatriya wanti-wanti menawa sembada ora dikeparengake
masrahake pusaka mau marang sapa bae, kejaba marang dirine pribadi.
***
Ing
tanah Jawa ana negara kang misuwur gemah ripah loh jinawi, yakuwi negara Medhangkamulan. Ratune Prabu Dewatacengkar, sawijining
ratu kang luhur bebudene lan wicaksana. Sawijining dina, juru masak keraton
ngalami kacilakan. Ki
Juru Masak ora nglegewa menawa tugelan drijine nyemplung ana dhaharan kang kacawisake ing ngarsane
Sang Prabu.
Nalika ora sengaja dhahar tugelan driji mau Sang Prabu
rumangsa dhahar daging kang enak banget rasane, banjur ngutus Patihe dangu Ki Juru
Masak. Sawise ngerti yen sing di dhahar mau daging manungsa, Sang Prabu banjur
ngutus Sang Patihe supaya saben dina ngaturake salah siji rakyate kanggo
dhaharane. Wiwit kedadeyan kuwi Prabu Dewatacengkar duwe kekarepan kang
anggegirisi. Wewatekane Sang
Parabu malik grembyang, malih dadi wengis lan seneng tumindak ala.
Negara Medhangkamulan malih dadi wewengkon kang wingit awit kawulane siji mbaka siji kamangsa
dening Ratune. Sang Patih judeg pikire awit wis ora ana maneh kawula kang bisa
kacawisake marang Prabune. Ing wektu kuwi, Ajisaka lan punggawane, Dora, teka ing
Medhangkamulan. Gumun penggalihe sang Sinatriya mirsani kahanan kang sepi banget
banjur golek sisik telik.
Sawise entuk katrangan ngenani apa kang nembe dumadi ing
Medhangkamulan, Ajisaka banjur sowan ing ngarsane Patih. Ngaturake kasaguhane dadi dhaharane
Prabu Dewatacengkar. Wiwitane Sang Patih ora nglilani awit ngeman Ajisaka kang
bagus rupane tur isih enom. Nanging ajisaka wis gilig tekade nemoni Sang Prabu.
Sang Prabu gumun banget penggalihe merga ana wong bagus lan isih enom teka ndadak
masrahake jiwa ragane nedha kamangsa.
Ajisaka nuli matur yen piyambake lila legawa kamangsa dening Sang
Prabu. Sauger kaparingan sanak jembare saukuran iket sing tak agem. Kejaba kuwi
kudu sang Prabu dhewe kang ngukur wewengkon kang bakal keparingake, Sang Prabu
nyaguhi. Ajisaka nuli ngaturi Sang Prabu ndudut pucuking iket sing kaagem. Iket mau langsung ditarik
dening sang Prabu. Eloking lelakon iket mau kaya ora entek-entek. Sang prabu
dewatacengkar kepeksa sanya mundur saya mundur. Wusanane tumekaning pinggiring segara
kidul. Iket nuli dikipatake
dening Ajisaka saengga Sang Prabu kontal nyemplung segara. Byuuuuuurrrrr…. “Tuluuunnnggggg…..
Tuluuuunnnnnngggggg….” Sanalika wewujudane malih dadi baya putih.
Ajisaka
jumeneng dadi ratu ing Medhangkamulan. Ajisaka nuli ngutus Dora supaya
bali menyang pulo majethi jupuk pusaka kang kajaga dening Sembada. Satekane ing pulo Majethi Dora
langsung nemoni Sembada. Mratelakake yen kautus jupuk pusakane Ajisaka, Sembada
ora gelem ngulungake amarga ngugemi dhawuhe Ajisaka, Dora kang uga ngugemi
dhawuhe Sang Prabu meksa njaluk supaya pusaka kaulungake. Punggawa loro mau padhu banjur perang. Punggawa loro mau mati amarga padha digdayane.
Kabar matine Dora lan Sembada kepireng dening Sang Prabu Ajisaka. Getun banget
penggalihe Sang Prabu ngelingi kasetyane punggawa kinasihe. Rasa sungkawane
anjalari sang Prabu ngripta aksara minangka pepeling marang punggawa kinasihe, kang unine mangkene:
ꦀꦁꦂꦃꦄ Ha Na Ca
Ra Ka (Ana utusan)
ꦅꦆꦇꦈꦉ Da Ta Sa
Wa La (Padha kekerengan)
ꦊꦋꦌꦍꦎ Pa Dha Ja
Ya Nya (Padha digdayane)
ꦏꦐꦑꦒꦓ Ma Ga Ba
Tha Nga (Padha dadi bathange)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar