Langit katingal tanpa
srengnge. Redi Slamet namung katingal pucukipun amergi katutupan kukus. Rumput,
sekar, ron-ronan katingal teles amergi kenging embun ingkang mangandhap ing
kala wau dalu. Toyaning Lepen Pemali katingal bening. Tiyang-tiyang sampun
wungu sanajan sawung dereng nyuwanten. Semanten ugi Laksito, salah satunggaling
tiyang jaler ingkang dados kawulanipun Gusti Kanjeng Bupati Brebes ingkang
sampun wungu saderengipun subuh. Saben enjing nyambut damelipun ngreksa Kyai Genta,
ingkang mboten sanes jaran sinuwunipun Gusti Kanjeng Bupati. Piyambakipun anak
pangon ingkang dipuntresnani Kanjeng Bupati, tiyangipun sregap nyambut damel
kaliyan ngibadah.
Laksito : “ Heh Genta, Kowe ngerti ora? Aku mau bengi ngimpi
weruh ula sing endhase ana emase.”
Mbok Ojah : “Ngger, kowe iki. Wong kewan kok dijak kandha. Apa awakmu wis
ora waras?”
Laksito : “ Hahahhaa….Mbok.Mbok. Kula meniko taksih saras.”
Mbok Ojah : “ Iki the karo tela godhog. Mangana sing akeh, sadurunge kowe
lunga menyang alas.”
Laksito : ” Mbok kula meniko kala wau dalu ngimpi, kepanggih
kaliyan ula ingkang gadhah mahkota.”
Mbok Ojah : ” Wis ora usah dipikiri. Ngimpimu kuwi mung kembang turu.”
Laksito : “ Ngertos kranjang kula mbok?”
Mbok Ojah : “ Nang mburi”
Laksito : ” Wonten ing wingking pendopo?”
Mbok Ojah : ” Ya. Wingi tak selehke neng kana.”
Laksito : ” Kalih-kalihipun Mbok?”
Mbok Ojah : ”Ora. Kowe iku loh. Wong kranjang sijine ana neng sandhingmu
ko ora weruh.”
Laksito : ” Hehehe… Ngampunten Mbok. Kula taksih ngantuk.”
Mbok Ojah : ” Melek.Melek. Ngantuk wae.”
Laksito : ” Mbok kula kesah dhateng alas rumiyin nggih.”
Mbok Ojah : ” Ya. Arite wis digawa?”
Laksito : ” Dereng Mbok.”
Mbok Ojah : ” Kowe kene wae. Ben Mbok wae sing jupuk.”
Laksito : “ Nggih. Maturnuwun Mbok. Mbok, kesah riyin nggih.”
Mbok Ojah : ” Ya. Ati-ati Ngger.”
Babak 2
Nalika satunggaling keranjang sampun kebak dening
rumput, piyambakipun kraos sayah.
Laksito : ” Gusti…Gusti. Mau esuk adhem ko saiki malih dadi
panas. Apike aku leren dhisik neng kene. Aaaah… kok aku ngantuk. Aaaahhh. Ih,
apa kae… kok katon mencorong.”
Ula Poleng : ” Aduh…Aduh….”
Laksito :” Loh… Ana suwara….wong wadon? Sapa ya? Masa ya wong?
Nanging … masa dhemit? Awan-awan ngene? Masa dhemit? Jal tak delok dhisik.”
Ula Poleng :”Tuluuuu….ng…Tuuuuluunnng. Hu..hu..hu..”
Laksito : ”Uwalah kok tambah seru suwarane. Jabang bayi…!!!
Gusti…Gusti ula…..dawa…gedhene…
Ula Poleng : ”Duh, wong lanang. Tulungana aku… singkirana wit sing nibani
buntutku.”
Laksito : ”Ng..ng..ng..nggih….Nggih.”
Ula Poleng : ” Sembahnuwun kawula Hyang Sukma. He wong lanang sing wis
nulungi aku. Sapa jenengmu lan saka ngendi asalmu?”
Laksito : ” Nama kula meniko Laksito Nyai. Kula mapan wonten ing
wingking pendopo lan kula meniko anak pangonipun Gusti Kanjeng Bupati.”
Ula Poleng : ” Apa sing kowe tuju neng kene?”
Laksito : ”Kula meniko saweg ngarit Nyi kangge pakane Kyai Genta,
jaranipun bendara kula Gusti Kanjeng Bupati.”
Ula Poleng : ” Eh.. Adhuh.”
Laksito : ”Wonten punapa Nyai?”
Ula Poleng : ”Buntutku sing endhah.. Hu..hu..hu
Laksito : ”Dhuh, Nyai. Buntut panjenengan kok ngedalaken rah.
Sekedap Nyai, kula padosaken bobok kangge tamba tatu panjenengan.”
Ula Poleng : ”Becik tenan kowe wong lanang. Yen lungane tenan, nyata golek
tamba kanggo tatuku, bakal tak wenehi sisikku.”
Laksito : ”Nyai…Nyai…Sampun kepanggih bobokipun.”
Ula Poleng : ”Buntutku wis luwih kepenak saiki. Maturnuwun Sito. Enggala
bali Sito, wayahe wis meh sore. Ing wana iki akeh bebayan.”
Laksito : ”Lajeng kados pundi kaliyan panjenengan Nyai?”
Ula Poleng : ” Ora usah kuwatir. Aku ya iki arep bali.”
Laksito : ” Apa iki? Sisik? Becik tak reksa, apa tak tinggal?
Becik tak gawa waelah. Mbok menawa sawijining dina kepanggih kaliyan Nyai.”
Babak 3
Laksito nglebetake sisik ula poleng wau ing sak rasukanipun. Lajeng
piyambaikipun mlampah kanthi kalih keranjangipun ing gegeripun.
Laksito : ” Loh, mau panas ki malih dadi mendhung. Iki parine
sapa sing tiba? Punapa gadhahipun tiyang
tiga ingkang wonten ing ajeng meniko? Wa.Wa. Parinipun panjenengan tiba….”
Warga 1 : “ Kaya ana sing ngundang-undang kita e kang.”
Warga 2 : “ Endi? Wong ora ana sapa-sapa o kang.”
Laksito : “ Wa.Wa…..”
Warga 1 : “ Tambah seru kang suwarane.”
Warga 2 : “ Ya kang, tambah cedhak suwara sikile.”
Warga 1 : “ Jabang bayi…. Kang, ana pari mabur.”
Warga 2 : “ Dhe… dhe..dhemit….. “
Warga 1 : “Kang. Kang aja mlayu dhisik, iki loh parine
ketinggalan.”
Laksito : “ Dhemit? Apa raiku elek banget ya, nganti ngira aku
iki dhemit. Dhuh, wetungku kok luwe? Si Mbok masak apa ya?”
Mbok Ojah : “ Wayah meh maghrib ko Sito durung bali-bali?”
Laksito : “ Si Mbok. Si Mbok..”
Mbok Ojah : “ E.. alah, lagi tak rasani. Nanging endi bocahe?”
Laksito : “ Mbok kula wonten ing wingkingipun Si Mbok.”
Mbok Ojah : “ E..alah, Sito. Sito, bocah ko wani mbeda wong tuwa. Sanyatane
kowe ngumpet neng ngendi e?”
Laksito : “ Mbok meniko remen sanget gumejengan. Mbok kula luwe.
Mbok kula nyuwun mendoan gorengipun..”
Mbok Ojah : “ Jabang bayi..!!! Mendoane bisa mabur.”
Laksito : “ Mbok sampun o, gumejengan wae Mbok iki.”
Mbok Ojah : “ Heh, sapa sampeyan?”
Laksito : “ Mbok kula Sito, Mbok.”
Mbok Ojah : “ Gusti…Gusti… ana dhemit….. Tulung Gusti…”
Babak
4
Gusti Kanjeng Bupati ingkang saweg mriksani
Kyai Genta, piyambakipun lajeng tindak dhateng panggenanipun Mbok Ojah.
Gusti
Kanjeng : ” Ana apa Mbok?”
Mbok
Ojah : ” Ana dhemit sing ngaku-aku
dadi Laksito Gusti.
Laksito : ” Dhuh, Gusti. Kawula meniko
saestu Sito. Saestu. Saestu Gusti.”
Gusti
Kanjeng : ” Apa bener iku awakmu Sito?”
Laksito : ” Saestu Gusti.”
Gusti
kanjeng : ” Apa sing gawe rupamu ora
katon Sito?”
Laksito : ” Nyuwun sewu Gusti. Kula mboten
ngertos.”
Gusti
Kanjeng : ” Coba kowe ceritakna marang
aku, kedadian sing awakmu alami sadurunge bali.”
Laksito : ” Kula namung biyantu ula nalika
kalau wau kula wonten ing alas. Sasampunipun meniko ula wau pamit kanthi
nilaraken sisikipun Gusti. Sisik wau kula pendhet, lajeng kula lebetaken wonten
sak kula.”
Gusti
Kanjeng : ” Oh dadi mengkono. Coba saiki
kowe medalaken sisik mau saka
sakmu.”
Laksito : ” Nggih Gusti.”
Mbok
Ojah : ” Sito anakku. Kowe wis katon
meneh.”
Laksito : ” Nggih Mbok.”
Gusti
Kanjeng : Yen aku nganggo sisik mau, aku bakal duwe kuwasa ora mung neng Brebes.
Aku bakal nguwasani isine alam donya kabeh. (Kocap Gusti Kanjeng Bupati ing
jero ati). Sito, saiki sisik kuwi tak gawa aku.”
Laksito : ” Nyuwunsewu Gusti. Sisik wau
boten saged kula caosaken dhateng panjenengan amargi sisik wau sanes gadhah
kula.”
Gusti
Kanjeng : ”Menawa sisik mau diwenehake
marang aku, kowe tak dadekake carik.”
Laksito : ” Nyuwunsewu Gusti, kula boten
saged. Sisik wau badhe kula mulihaken malih dhateng ingkang gadhah Gusti.”
Gusti
Kanjeng : ” Heh Laksito, Sombong tenan
awakmu kuwi. Dhasar anak pangon ora duwe rasa kasuwun. Sanajan kowe ora
menehake sisik kuwi, aku bakal tetep ngrebut sisik kuwi saka tanganmu.”
Laksito : “ Ampun Gusti. Ampun dipunpendhet
Gusti.”
Gusti
Kanjeng : ” Cul ora?!”
Mbok Ojah : “ Wis Sito. Wis.”
Laksito : “ Gusti..Gusti..”
Mbok Ojah : “ Sito. Sito… Rupamu ilang, Sito.”
Gusti Kanjeng : ” Sito.sito…”
Laksito : ” Mbok… Huhuhu…”
Gusti
Kanjeng : “ Sito, Gustimu iki jaluk ngapura,
gara-gara aku sisik mau mlebu neng cangkemmu. Saiki awakmu ora bakal katon
maneh nganti salawase…Huhuhu.”
Laksito : “ Kula nggih nyuwun ngapura Gusti.
Kula sampun kumawani dhateng panjenengan.”
Mbok
Ojah : “ Sito…! Huhuhu… Ngger…”
Laksito : “ Mbok ampun sedhih. Gusti Kanjeng
kanthi rasa hurmat kula dhateng panjenengan, sanajan wujud kula boten katingal
maneh, nanging kula ajeng ngabdi dhateng Gusti sadangunipun.”
Gusti
Kanjeng : “ Semana uga aku Sito. Gustimu
iki bakal nyewisaken panggonan kusus kanggo kowe ing jero pendopo.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar