Sing ciut sansaya ciut
Sing pinter saya pinter
Sing bodho dadi keblinger
Paugerane jamane edan
Jaman edan tenan
Saiki jamane lagi edan
Edan wong-wonge
Sing pinter padha
korupsi
Sing bodho padha
diapusi
Sing nduwe dhuwit amba
sing menang
Sing dhuwit cilik
ngglebak amarga ketekek
Arep dadi apa bangsa
iki?
Yen manungsane kelangan
akal pikire
Padha ora duwe rasa
welas asih marang sedulure
Yen wis nang nduwur rak
bakal noleh ngiwa nengen
Yen wis nang nduwur yo
sansaya mbandha tangan
Arep dadi apa bangsa
iki?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar