Sore wis ngancik wayah bengi wektu aku metu
saka papan panggaweyanku ana ing Melia Purosani. Lakuku alon banget margo aku
wis krasa lungkrah, kesel. Tekan pos satpam ana kang aruh-aruh.
Mbarang tak clinguk jebul petugas kang lagi
jaga.
"O inggih Pak, mangga",
wangsulanku.
Nembe wae aku arep neruske lakuku
trus ana maneh suara kang ngundang
" Assalamu'alaikum Mbak Tiyas".
"Wa'alaikumsalam wr. wb. eh, kowe to
Di, ana apa kok wayah bengi awakmu thethenguk ana kene".pitakonku marang
Didi, kancane Dewi, Dewi kuwi kanca kostku.
"Anu Mbak, sengaja ngenteni Mbak
Tiyas".
"Ngenteni aku, ana perlu apa kok
njanur gunung pisan, nganggo ngeteni aku barang".
"Aku mau saka Malioboro banjur
duwe niat arep ketemu Dewi, la wektu lewat ngarep kae aku kelingang panjenengan
dadi sekalian ngenteni dadi bisa bareng, kersa ya Mbak kondur sekaliyah karo
namung aku nyuwun ngapuro namung nitih bebek durung bisa tuku roda papat Mbak,
maklum esih kuliah".
"Yo ra apa-apa Di, biasane aku yo mung
mlaku". wangsulanku.
Langit wis gumebyar, lintang lan rembulan
saya nambah endahing cakrawala.Para pemuda ketok pada lelungan
bebarengan. Aku nembe kelingan yen saiki malem Minggu. Ah, pantes dalanan
Yogya kok rame banget. Sangsaya tambah macet apamaneh jalur Malioboro, prasasat
wis kaya ana ing Jakarta.
Aku ora nggatekake laku sepeda
motor, barang aku weruh dalan kang dilewati aku langsung gragap, bingung.
"Di, kok dalane lewat kene, iki rak
arep nyang Jl. Solo, la wong kost-kostanku wae nyang Bausasran,
piye to Di". Pitakonku bingung.
"Mbak, pangapurane sing akeh, aku
krasa luwe banget, wiwit awan mau aku durung mangan, aku
nyuwun palilahe panjenengan ngancani aku mangan dhisik, pancen kita arep
nyang Jl. Solo, nyang kana ana ayam bakar enak banget" wangsulane
Didi.
"Tapi aku ra wis mangan jam 6 mau neng
kantin kantor Di".
"Aku ngerti Mbak, namung sepisan maneh
aku nyuwun tulung panjenengan kersa ngancani aku mangan dhisik"
Aku kena
skak, mati gak bisa nolak, nek aku ngomong ora ra penak la wong wis tekan
ngarep Duta Wacana. Aku pasrah. Tekan panggonan kang dak tuju Didi langsung
pesen iwak bakar, ayam bakar lan sega. Aku bingung. Kok Didi pesen akeh banget.
Maneh, aku kena skak. Aku ra bisa nolak. Pancen, rasane enak banget. Ra krasa
jebul wis jam sepuluh bengi.Didi ngeterke aku mulih, wektu tak elingke nek
dheweke jare arep nemoni Dewi banjur jawabe arep mrana maneh sesuke.
Wektu terus
lumaku, sering Didi methuk aku, alasane padha arep nyang kost-kostan. Kadang
dheweke teka langsung nyang ngomah wayah aku libur, ngajak aku ngobrol ngalor
ngidul. Nyritaake kuliahe neng Akademi Maritim bagian tekhnik, nyritaake
keluargane kang Betawi Asli lan liya-liyane. Kadang uga teka pas wayah Dewi
kuliah. Memang, sak kost namung aku dhewe kang wis nyambut gawe, kanca-kancaku
padha kuliah kabeh. Aku dadi mbakyu kang diajeni banget, aku jarang
bersih-bersih, wayah esuk sarapan wis cumawis, tak tinggal kerja kamarku padha
diresiki, bajukupun sering disetrikaake. Enak tenan, padahal kompensasiku ringan
banget, aku mung kudu nggarepke PR Basa Inggris. Iku thok.
Sawetara suwe
aku sibuk banget karo panggaweyanku, aku ora nggatekake yen Didi uga wis
sawetara suwe ora teka apa methuk aku. Apa maneh aku banjur pindah ana Novotel
lan kostku uga pindah nyang Sagan, sak wetane Galeria. Nganti sawijining dina
aku kaget, Dewi teka bareng karo Didi. Alasane uga ora lucu. Arep nyilih kamus.
Aku ora ngobrol suwe karo dheweke amarga aku wis wayahe budhal kerja. Seminggu
sauwise Didi teka dhewe, mbalekake kamus. Namung, Didi ngungkapake apa kang
tansah dadi pikirane kang nggawe aku kaya ketiban langit, kaya kesamber
bledhek".
"Mbak
Tiyas, aku arep ngomong namung aku njaluk tulung panjenengan aja nyela apa kang
dak omongake, sawetara suwe atiku kebak rerasan, kebak pikiran, wis suwe
anggonku nahan amarga aku rumangsa durung pantes, mula kuwi aku cepet-cepet
ngrampungke kuliahku lan alhamdulillah saiki aku wis entuk panggaweyah ana
bengkel kapal neng Tanjung Priuk, aku sengaja teka nyang Yogya nemoni panjenengan,
minggu wingi sakjane aku arep ngomong namung aku krasa ra penak karo Dewi, aku
ngerti mbak, sak wise Dewi pisah karo pacara, dheweke ana ati karo aku tapi aku
ra tau nanggepi amarga wis wiwit mbiyen aku nduwe gegadhangan wong wadon kang
arep dadi sisihanku, ibu anak-anakku lan aku nembe arep ngomong nek uripku wis
mapan. Lan saiki aku wis entuk panggaweyan, aku uga wis ngomong karo wong
tuaku. Mbak Tiyas, aku tresna karo panjenengan saka lair tumusing batin, aku
kepenging Mbak Tiyas nglairke anak-anakku".
Aku nangis,
atiku krasa lara banget, aku bingung kudu aweh wangsulan apa.
"Di, aku kudu kepiye, aku kudu njawab
apa".
Didi meneng,
padha bingune karo aku. Tak tata atiku, kepiye maneh, Didi kudu ngerti
kasunyatan iki. Aku ngerti Didi bakal kuciwa, bakal lara ati.
"Di, pangapuramu sing akeh, aku kudu
terus terang karo awakmu yen saiki aku wis ana kang nduweni, aku wis krama
Di"...................
Causeway Bay,
22 Juni 2008
Tidak ada komentar:
Posting Komentar