Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra
saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber
ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng
Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora
sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng
Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.
Jaka
Tingkir : “Nyi, kula sampun gadhah
tekad menawi ajeng meguru lan nyinau ilmu agama”.
Nyi
Ageng : “Apa kowe pancen wes mantep
karo apa sing bakal kok lakoni..”
Jaka
Tingkir : “Nggih Nyi. Kula sampun
mantep lahir batin.”
Nyi Ageng : “Yowis nek kuwi pancen sing mbok karepake. Aku gur isa nyangoni donga.”.
Jaka Tingkir :
“Nggih Nyi. Matursuwun sanget.”
Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur
meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan
digandeng sedulurke karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan
Lan Ki Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak,
dheweke mangggon ing omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah
ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir
diangkat dadi lurah wiratamtama.
Ing sawijining dina, Kesultanan
Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus mbiji. Ana salah
sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane
Dadungawuk.
Jaka Tingkir : “ Sapa jenengmu? Kok koyone nduwe kasektian kang luwih
tinimbang liyane.”
Dadungawuk : “ Aku Dadunggawuk. Pancen
aku iki sekti. Urung ana sing bisa ngalahke aku.”
Jaka Tingki : “ Apa iya ngono?? Aku ora seneng nak ana calon prajurit sing
kayak kowe.
Pamer karo umuk.”
Dadungawuk : “ Aku ora pamer, pancen kuwi kasunyatane.”
Jaka Tingkir : “ Yoh, nek pancen ngono, saiki kowe tanding karo aku.
Sapa sing menang kuwi sing paling sekti.”
Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon
prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika.
Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak.
Jaka Tingkir banjur meguru marang
Ki Ageng Banyubiru. Ora let suwe Ki Ageng Banyubiru menehi lemah kanggo Jaka
Tingkir.
Ki Ageng Banyubiru : “Jaka,aku nduwe barang kang isa gawe kowe
ketampa maneh ana ing Kesultanan Demak.”
Jaka
Tingkir : “Barang menapa
Ki?’
Ki Ageng Banyubiru : ‘Lemah. Gawanen menyang Demak. Kowe mengko
bakal ngerti dhewe Kesaktiane kanggo napa. Kowe mengko uga dikancani muridku
Kanca, Wila, lan Wuragil.”
Jaka
Tingkir : “Nggih.
Matursuwun Ki. Nyuwun pangestunipun.’
Ki
Ageng Banyubiru : “Iyo.ati-ati.”
Rombongane Jaka Tingkir ngliwati
kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boyo. Ing tengahing kali,
rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, baya-baya
padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan
sebrange kali.
Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir
ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang
lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi polahe.
Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit
supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau.
Sultan Trenggono : “Prajurit, golekana sing jenenge Jaka Tingkir supaya isa
ngalahake kebo
sing lagi ngamuk ana ing Demak iki.”
Prajurit : “Nggih
Sultan. Nanging wonten pundi kula saged madosi?”
Sultan
Trenggono : “ Pokoke digoleki
nganti ketemu.”
Ora angel anggone Jaka Tingkir
ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi
Lurah Tamtama maneh.
Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake
dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo
Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan Trenggana seda ing
taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas
ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo
Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang
dadi bupati Jepara).
Arya Penangsang ngirim utusan
kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang utusane Arya
Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu Kalinyamat
njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana
gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara
terang-terangan.
Ratu Kalinyamat : “ Arya Panangsang kuwi wis kliwat wates. Nek dijarke apa ora
marai cilaka kowe karo rakyatmu sing ana kene.”
Hadiwijaya : “ Sakjane aku yo mikir kaya ngono, ananing nak aku
nganti kanthi terang – terangan Arya Panangsang aku ora isa. Gelem ora gelem
aku isih ana gandheng sedulur.”
Ratu Kalinyamat : “ lha terus saiki kekarepanmu kaya apa? Kowe yo ora iso to
nak tetep ngejarke ?’
Hadiwijaya : “ Aku arep nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni
Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke.
Mula dheweke nganakake sayembara. Ki
Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya
Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut,
Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing
Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat
Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki
Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi.
Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati
kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan
Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram
isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang
Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane
Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu
ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake
Pajang.
Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya
netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib sumpah prasetya mring Pajang. Ki
Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang.
Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya,
kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur.
Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan uga ora gelem bayar pajek mring
Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman
kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane
kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi
saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan
supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya
dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau
dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng
Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.
Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung
sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika
yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah
prajurit pratama.
Ing sawijine dina, Sultan Demak perlu
nambah 400 prajurit tamtama. Calon-calon lurah mau kudu wong sing kuwat, lan
sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango ndaftar prajurit tamtama.
Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke jejaka saka desa sacedhake
Kraton Demak. nPraupane medeni, kumisi dawa, kurang tata krama, lan suba sita.
Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang kabeh jenise
gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang
kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng. Terus Jaka Tingkir nantang
Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo sada kang ditujes karo
godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan dadi patine.
Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu,
geneya uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka Tingkir kang rumamgsa salah,
budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran. Jaka Tingkir tekan ing Desa
Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu kang diduweni karo Ki Ageng
Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke didhawuhi supaya bali
ngabdi marang Demak.
Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan
kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong
biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang mirsani yen Jaka Tingkir ana
ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya mrentah marang Jaka
Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh
saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke gampang
wae anggone ngalahake kebo mau.
Sultan Demak kang mirsani sekabehane,
langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana ing Kraton Demak, jawab,
pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.
Sultan
Demak : Jaka Tingkir, aku wis ngerti kabeh
kang mbok lakoni ing Demak iki..
Jaka Tingkir : Pangapunten Sultan, kula namung njagi menapa ingkang sampun
dados kewajiban kula.
Sultan Demak : Kabeh salahmu wes tak ngapurani. Saiki kowe tak angkat dadi lurah
prajurit tamtama.
Jaka Tingkir : Maturnuwun sanget Sultan. Kula bakal
ngowahi sedaya sikap kula sing ala lan dados lurah ingkang apik sarta
tanggungjawab.