Rabu, 02 Juli 2014

ASAL USUL JENENG NGANGUK


Sunan Kudus ing bebrayan misuwur minangka tokoh kang nggadhahi kasekten linuwih katon kaya cempaka sawakul. Sunan Kudus uga kalebu guru agama lan uga salah sijine ulama ing tlatah Kudus. Panjenengane wasis ing babagan ilmu agama Islam, mligine tauhid, khadist, tafsir, sastra, mantiq, mula sunan Kudus kagungan peparab “Waliyul Ilmi.”
Ana ing sawijining dina, nailka sunan Kudus tindak kaji lan mapan ing sawetara wektu ing tanah Arab. Ing kono sunan Kudus kenging penyakit kudhis, saengga kathah kanca lan pawongan Arab sami ngina dhateng sunan Kudus. Sawise iku, negara Arab dumadakan sumebar wabah penyakit, sakabehing cara lan upaya wis kausahakake kanggo mbrastha penyakit mau nanging ora bisa. Ing pungkasane amir negara Arab, nganakake sayembara sapa kang bisa mbrastha wabah penyakit ing negara Arab bakal diaturi bebungah arupa dhuwit lan mas-masan. Akeh wong kang padha nyoba, nanging ora ana kang bisa kasil. Ing pungkasane sunan Kudus, kersa paring pitulungan badhr mbrastha wabah penyakit mau. Nalika amir negara Arab takon mrang sunan Kudus “Karo apa anggonmu bakal mbrastha penyakit kang wus sumebar ing kene?” sunan Kudus mangsuli “Kanthi donga.” Amir Arab nggeguyu sajak nyepelekake kaya Beras wutah arang bali menyang takere, “Ing kene iki akeh wong kang ahli donga lan ahli dzikir, nanging meksa ora bisa mbrastha penyakit mau, apa kowe ya bisa?” sunan Kudus mangsuli, “Sakabehing wong kang ndonga mau ora ikhlas amarga panjenengan maringi iming-iming bebungah kang awujud bandha donya kang ndadekake donga mau ora bisa disembadani dening Gusti Allah.” Sawise ngendikan mengkono, sunan Kudus banjur ndedonga kanthi ikhlas lan khusuk, nyuwun supaya wabah penyakit bisa ilang ing bumi tanah Arab. Ing pungkasane sakabehing kawula kang nandang wabah penyakit bisa waras lan wabah penyakit ing negara Arab iku bisa ilang.
Amarga saka jasane sunan Kudus mau, amir saka negara Arab paring bebungah utawa hadhiyah, nanging sunan Kudus ora kersa nampa bebungah mau. Merga miturut Sunan Kudus, Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan. Sunan Kudus namung nyuwun sela kanggo kenang-kenangan kang bakal dienggo tetenger nalika ngedegake mesjid ing Kudus tembene. Ing pungkasane sawise nampa watu iku, sunan Kudus banjur kondur menyang kudus. Sadurunge sunan Kudus dadi pemimpin ing kudus, ana salah sijining ulama kang misuwur yaiku Kyai Telingsing. Kyai Telingsing wis wiwit sepuh yuswane mula banjur pengen golek ganti kanggo nyebarake agama Islam ing Kudus. Sawijining dina, Kyai Telingsing jumeneng karo ingak-inguk kiwa lan tengen, dumadakan sunan Kudus miyos papan kono sisih kiwa. Miturut Kyai Telingsing, sunan Kudus iku trep kanggo ngganti panjenengane. Sunan Kudus banjur dipasrahi kekuwasaan yasa mesjid. Mula pungkasane papan pepanggihane Kyai Telingsing karo sunan Kudus mau banjur dijenengake desa “Nganguk.” Jeneng iku dijupuk saka tembung “ingak-inguk” lan mesjid kang dibangun mau diarani “Mesjid Nganguk Wali.”
Sumber: Ngudi Wasis Basa Jawi Kelas VIII Semester I

Tidak ada komentar:

Posting Komentar