Rabu, 02 Juli 2014

JAKA TINGKIR


Jeneng asline yaiku Mas Karebet, putra saka Ki Ageng Pengging. Jeneng mau, asale saka bapakke nanggap wayang beber ngepasi laire Jaka Tingkir. Nalika Mas Karebet umur sepuluh taun, Ki Ageng Pengging diukum pati, merga dituduh mbrontak saka Kesultanan Demak. Ora sawetara suwe ibune uga seda. Banjur Mas Karebet dipek anak dening Nyi Ageng Tingkir. Dheweke pamit marang Nyi Ageng Tingkir saperlu meguru.
Jaka Tingkir     : “Nyi, kula sampun gadhah tekad menawi ajeng meguru lan nyinau ilmu agama”.
Nyi Ageng      : “Apa kowe pancen wes mantep karo apa sing bakal kok lakoni..”
Jaka Tingkir     : “Nggih Nyi. Kula sampun mantep lahir batin.”
Nyi Ageng     : “Yowis nek kuwi pancen sing mbok karepake. Aku gur isa nyangoni donga.”.
Jaka Tingkir     : “Nggih Nyi. Matursuwun sanget.”
             Dheweke meguru marang Sunan Kalijaga, banjur meguru maneh menyang Ki Ageng Sela. Dening Ki Ageng Sela, diaku anak lan digandeng sedulurke karo putu-putune yaiku Ki Juru Martani, Ki Ageng Pemanahan Lan Ki Panjawi. Jaka Tingkir lunga menyang Kasultanan Demak Bintoro. Ing Demak, dheweke mangggon ing omahe Kyai Gandamustaka (pamane Jaka Tingkir) kang dadi lurah ganjur (ngurusi mesjid). Dening Sultan Trenggana, Tingkir diangkat dadi lurah wiratamtama.
            Ing sawijining dina, Kesultanan Demak nganakake sayembara milih prajurit. Tingkir kang diutus mbiji. Ana salah sijining calon prajurit kang rupane ala senengane pamer lan umuk, arane Dadungawuk.
Jaka Tingkir     : “ Sapa jenengmu? Kok koyone nduwe kasektian kang luwih tinimbang liyane.”
Dadungawuk : “ Aku Dadunggawuk. Pancen aku iki sekti. Urung ana sing bisa ngalahke aku.”
Jaka Tingki    : “ Apa iya ngono?? Aku ora seneng nak ana calon prajurit sing kayak kowe.
                            Pamer karo umuk.”
Dadungawuk  : “ Aku ora pamer, pancen kuwi kasunyatane.”
Jaka Tingkir           : “ Yoh, nek pancen ngono, saiki kowe tanding karo aku. Sapa sing menang kuwi sing paling sekti.”
Jaka Tingkir kang ora seneng marang calon prajurit iku banjur nguji kasektene, tanpa dinyana, Dadungawuk tiwas sanalika. Marga saka prastawa iku, Tingkir banjur ditundung saka Demak.
Jaka Tingkir banjur meguru marang  Ki Ageng Banyubiru. Ora let suwe Ki Ageng Banyubiru menehi lemah kanggo Jaka Tingkir.
Ki Ageng Banyubiru    : “Jaka,aku nduwe barang kang isa gawe kowe ketampa maneh ana ing Kesultanan Demak.”
Jaka Tingkir                 : “Barang menapa Ki?’
Ki Ageng Banyubiru : ‘Lemah. Gawanen menyang Demak. Kowe mengko bakal ngerti dhewe Kesaktiane kanggo napa. Kowe mengko uga dikancani muridku Kanca,                Wila, lan Wuragil.”
Jaka Tingkir                 : “Nggih. Matursuwun Ki. Nyuwun pangestunipun.’
Ki Ageng Banyubiru   : “Iyo.ati-ati.”
            Rombongane Jaka Tingkir ngliwati kali Kedung Srengenge nganggo getek Kyai Tambak Boyo. Ing tengahing kali, rombongane Jaka Tingkir dicegat siluman baya. Kekarone adu kasekten, baya-baya padha kalah, banjur aweh pambiyantu marang rombongane Jaka Tingkir nganti tekan sebrange kali.
            Tumekane ing Demak, Jaka Tingkir ngeculake kebo kang wis dileboni lemah ana kupinge lan digiring menyang lapangan. Kebo mau ngamuk ora karuan. Lan ora ana kang bisa ngadepi polahe. Sultan Trenggana kelingan marang kasektene Jaka Tingkir, lan ngutus prajurit supaya Jaka Tingkir bisa ngrampungi ontran-ontran mau.
 Sultan Trenggono       : “Prajurit, golekana sing jenenge Jaka Tingkir supaya isa ngalahake kebo
                                      sing lagi ngamuk ana ing Demak iki.”
Prajurit                                    : “Nggih Sultan. Nanging wonten pundi kula saged madosi?”
Sultan Trenggono        : “ Pokoke digoleki nganti ketemu.”
            Ora angel anggone Jaka Tingkir ngalahake kebo mau. Marga saka tumindake, Sultan Demak ngangkat Tingkir dadi Lurah Tamtama maneh.
            Kasektene Jaka Tingkir, ndadekake dheweke dadi bupati Pajang lan ganti jeneng dadi Adipati Hadiwijaya. Duwe bojo Ratu Mas Cempaka, putri saka Sultan Trenggana. Sawuse Sultan Trenggana seda ing taun 1546, putrane kang aran Sunan Prawoto ngganteni dadi ratu, ananging tiwas ing tangane Arya Penangsang kang isih kapetung sedulur saka Jipang. Aryo Penagsang uga mateni Pangeran Kalinyamat (putra mantu Sultan Trenggana kang dadi bupati Jepara).
            Arya Penangsang ngirim utusan kangggo mateni Hadiwijaya ing Pajang, Ananging tekan Pajang utusane Arya Penangsang malah diladeni kanthi becik lan diwenehi hadiah. Ratu Kalinyamat njaluk Hadiwijaya supaya mateni Arya Penangsang, Ananging merga isih ana gandheng sedulur Hadiwijaya rumangsa pakewuh yen mateni kanthi cara terang-terangan.
Ratu Kalinyamat      : “ Arya Panangsang kuwi wis kliwat wates. Nek dijarke apa ora marai cilaka kowe karo rakyatmu sing ana kene.”
Hadiwijaya               : “ Sakjane aku yo mikir kaya ngono, ananing nak aku nganti kanthi terang – terangan Arya Panangsang aku ora isa. Gelem ora gelem aku isih ana gandheng sedulur.”
Ratu Kalinyamat      : “ lha terus saiki kekarepanmu kaya apa? Kowe yo ora iso to nak tetep ngejarke ?’
Hadiwijaya               : “ Aku arep nganakake sayembara. Sapa kang bisa mateni Arya Penangsang, tanah Pati lan Mataram dadi duweke.
Mula dheweke nganakake sayembara. Ki Ageng Pemanahan lan Ki Panjawi melu sayembara mau. Lan kang bisa niwasake Arya Penangsang yaiku Ki Juru Martani (ipene Ki Ageng Pemanahan).
Sawuse prastawa ing taun 1549 kasebut, Ratu Kalinyamat menehake Keraton Demak marang Hadiwijaya. Pusate dipindah ing Pajang lan Hadiwijaya dadi ratu kang sepisanan.Sultan Hadiwijaya uga ngangkat Mas Manca dadi patih kanthi gelar Patih Mancanegara, banjur Mas Wila lan Ki Wuragil didadekake menteri kanthi pangkat ngabehi.
Ki Panjawi antuk hadiah tanah Pati kanthi gelar Ki Ageng Pati. Ananging Ki Ageng Pemanahan isih nunggu merga Sultan Hadiwijaya ora age-age menehake tanah Mataram. Nganti taun 1556, tanah Mataram isih ditahan dening Hadiwijaya. Ki Ageng Pemanahan pakewuh arep jaluk marang Hadiwijaya. Sunan Kalijaga kang ngerti kahanan mau, coba nengahi. Alesane Hadiwijaya ngenani hadiah tanah Mataram iku, amerga dheweke was sumelang krungu ramalane Sunan Prapen yen ing Mataram arep lair keraton kang bakale ngasorake Pajang.
Sunan Kalijaga mbujuk Hadiwijaya supaya netepi ing janji. Lan Pemanahan uga wajib sumpah prasetya mring Pajang. Ki Ageng Pemanahan jejuluk Ki Ageng Mataram, lan wajib ngadep mring Pajang.
Ki Ageng Pemanahan peputra Sutawijaya, kang ngganteni dheweke sawuse seda. Mataram ing tangane Sutawijaya saya makmur. Ananging Sutawijaya ora gelem menehi laporan uga ora gelem bayar pajek mring Pajang. Ing taun1582 Raden Pabelan (ponakane Sutawijaya) gawe geger ing taman kaputren Sekar Kedaton( anakke Hadiwijaya), Pabelan diukum pati, lan ramane kang aran Tumenggung Mayang disingkirke menyang Semarang. Ibune Pabelan (adhi saka Sutawijaya) njaluk pitulungan marang kangmase. Sutawijaya ngirim utusan supaya bisa nylametake Tumengggung Mayang saka paukuman. Tumindake Sutawijaya dianggep luuput dening Hadiwijaya, banjur Pajang nyerbu Mataram. Perang mau dimenangake dening pasukan Mataram. Sawuse kalah perang, Hadiwijaya kondur neng Pajang, nandang gerah, banjur seda lan disarekake ana ing Desa Butuh, Sragen.
Ana ing kraton, Lurah Ganjur langsung sungkem marang Sultan Demak lan nyuwun ngapura. Nanging Sultan Demak ngendika yen piyambake kesengsem karo Jaka Tingkir, lan ngangkat Jaka Tingkir dadi lurah prajurit pratama.
Ing sawijine dina, Sultan Demak perlu nambah 400 prajurit tamtama. Calon-calon lurah mau kudu wong sing kuwat, lan sigap. Ing pendapa Kraton Demak dibuka lamaran kango ndaftar prajurit tamtama. Salah sijine kang ndaftar yaiku Dadungawu. Dheweke jejaka saka desa sacedhake Kraton Demak. nPraupane medeni, kumisi dawa, kurang tata krama, lan suba sita. Nanging Dadungawu ing desane terkenal dadi uwong kang kebal marang kabeh jenise gegaman, lan uwong kang sakti mandraguna.
Meruhi Dadungawu kang duweni sipat kang kaya ngono, Jaka Tingkir krasa ora seneng. Terus Jaka Tingkir nantang Dadungawu. Karo Jaka Tingkir, Dadungawu diuji nganggo sada kang ditujes karo godhong suruh. Ana ing tantangan mau, Dadung awu kalah lan dadi patine.
Sultan Demak kang mireng kabar mau nesu, geneya uwong kang ora salah kok dipateni. Jaka Tingkir kang rumamgsa salah, budhal saka Demak lan ngumbara saparan- paran. Jaka Tingkir tekan ing Desa Butuh lan maguru marang Ki Ageng Butuh. Sawise ilmu kang diduweni karo Ki Ageng Butuh wis diajarake kabeh marang Jaka Tingkir, dheweke didhawuhi supaya bali ngabdi marang Demak.
Ing alun-alun Kraton Demak ana kedadeyan kang medeni. Yaiku ana kebo kang lagi ngamuk ora ana prajurit apa dene uwong biyasa kang bisa ngalahake kebo mau. Sultan kang mirsani yen Jaka Tingkir ana ing pingir alun-alun, ngutus marang prajurite supaya mrentah marang Jaka Tingkir dikon ngalahake kebo mau. Jaka tingkir kang wis duweni ilmu kang akeh saka Ki Ageng Butuh, langsung maju ing tengah alun- alun lan dheweke gampang wae anggone ngalahake kebo mau.
Sultan Demak kang mirsani sekabehane, langsung dhawuhi Jaka Tingkir supaya sowan. Ana ing Kraton Demak, jawab, pungkasane Jaka Tingkir dadi putra mantune Sultan Demak.
Sultan Demak : Jaka Tingkir, aku wis ngerti kabeh kang mbok lakoni ing Demak iki..
Jaka Tingkir     : Pangapunten Sultan, kula namung njagi menapa ingkang sampun dados kewajiban kula.
Sultan Demak : Kabeh salahmu wes tak ngapurani. Saiki kowe tak angkat dadi lurah prajurit tamtama.
Jaka Tingkir     : Maturnuwun sanget Sultan. Kula bakal ngowahi sedaya sikap kula sing ala lan dados lurah ingkang apik sarta tanggungjawab.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar