Ing Gunung Merbabu, ana sawijining wanita kang jenenge Nyi Endang Ari
Wulan. Bebojoan karo Ki Hajar Salo. Duwe anak kang awujud ula. Ula mau saya
suwe saya gedhe. Sawijining dina, ula mau marani Ki Hajar lan ngomong yen
dheweke kuwi anake Ki Hajar. Ki Hajar kaget, ngomong mangkene, “Heh hula, lho
kok penak temen kowe ngaku anake manungsa. Aku gelem ngaku kowe dadi anakku
nanging kowe kudu gelem tapa. Yen kowe bias nyingkep gunung iki, kowe tak aku
anakku.
Ula mau banjur tapa ngungkeri Gunung Merbabu. Nanging ndas lan buntute ora
tepuk merga isih kurang sakilan. Ula mau nyambung nanggo ilat. Ki Hajar ngerti
banjur ngethok nanggo ilate. Kethokan ilat mau kanggo pusaka kang awujud
tombak. Ula mau ora mati lan nerusake anggone tapa. Saking suwene anggone tapa
awake dirambati oyot-oyot nganti ora ketara saka akehing rerumputan.
Nuju sawijining dina wong-wong desa pada beburu ing alas kanggo upacara
merti desa. Nalika pada leren lungguhan ing wit gedhe, ana wong kang lagi
bacok-bacok ing wit mau. Saka wit mau metu getih lan ndadekake kaget. Kanca-kancane
padha ndeleng lan nduweni panganggep menawa getih mau saka getihe ula gedhe.
Banjur ula kuwi dikethok-kethok kanggo merti desa. Iwake digawa bali lan
dipasrahake ing bale desa.
Esuke ing bale desa akeh wong wadon padha olah-olah amarga sorene arep
kanggo slametan. Ulane mau kuwi njelma dadi bocah lanang kang rupane elek lan
amis. Bocah lanang mau mara bale desa kanggo njaluk mangan, nanging ora ana
kang menehi, banjur bocah mau ditundhung para warga. Ana Mbok Randa kang duweni
rasa welas karo bocah maul an maringi pangan bocah kuwi. Sawise mangan bocah
mau banjur matur marang Mbok Randa, ature mangkene, “Embah menawi mangke wonten
banjir, embah supados sedhiya lesung kaliyan enthong, lesungipun dipunagaem
prau, enthongipun dipunagem melahi.”
Barang bocah mau wis wareg, banur gawe patembaya nancepake sada ing latar
ing satengahe wong-wong kang padha nganakake upacara merti desa. Ing kono
wong-wong desa padha ditantang njabut sada kasebut nanging ora ana kang bias
njabut. Bocah kang duwe sada mau ngomong mangekene, “Ayo sapa bias mbedol
sadaku iki?” akeh bocah kang padha nyoba mbedhul sada kuwi, nanging ora ana
kang bias mbedhul. Pungkasane wong-wong mau padha melu nyoba, pada wae ora ana
kang bisa mbedhul. Bocah kang duwe sada mau banjur karo ngomong mangkene, “Yen
ora ana kang bisa mbedhol sada iki bakal tak bedhol dhewe.”
Bareng sada bisa
kabedhol, saka bekase sada kang kabedhol mau metu banyu kang iline gedhe. Saya
suwe banyu kasebut bisa ngebaki lan nglelep karang padesan kasebut. Akeh wong
kang padha mati amarga klelep, kajaba Mbok Randa kang slamet amarga wis
nyedhiyakake lesung lan entong kang digawe sarana golek keslametan. Ing
sabanjure papan kasebut dadi rawa kang sinebut Rawa Pening.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar