Rabu, 02 Juli 2014

UPACARA RITUAL SADRANAN PUNDHEN


Mangsak Apa Wae Ora Kena Dicicipi Luwih Dhisik

Wewengkon Dhusun Dhukun, Desa Banyuanyar, Kecamatan Ampel, Kabupaten Boyolali kang lokasine isih sikiling Gunung Merapi iring wetan, sawijining papan kang klebu larang banyu. Luwih-luwih ing mangsa ketiga. Ing wewengkon kono ora ana pengairan sawah utawa irigasi. Pesawahan ing kono mung ngendelake banyu udan utawa sawah tadhah udan. Lumrahe nandur pari ing mangsa rendheng. Kuwi uga padha nandur jagung, kacang gleyor, Lombok, pohung, jahe, lan tela pendhem. Anggone nenandur mau padha diselang-selang utawa tumpang sari antarane pari, jagung lan pohung.
Dina jumat Pon tanggal 8 Oktober 2004 wiwit esuk umun-umun kabeh warga Dhusun Dhukuh padha tangi wisik, luwih-luwih para ibu-ibu. Awit dina kuwi sadurunge jam 11.00 WIB kudu wis nyawisake rerangken sesajen kanggo melu upacara ritual tradisional Sadran Pundhen. Kabeh warga kang gung-gunge 96 kepala kulawarga mau padha mangsak sega gurih, sambel goring kecek, goring-gorengan, lawuh lan dhawet. Ketambahan ingkung pitik jago tumprap sing mampu. Upacara Sadran Pundhen mau mujudtake sawijining penyuwun mrung Gusti Allah amrih enggal kaparingan udan.
Mungguhing warga Dhususn Dhukuh, ngadani upacara ritual Sadran Pundhen utawa upacara Udan Dhawet mujudtake kegiatan rutin lan wajib saben setaun sepisan. Dileksanani ing dina Jumat ing mangsa kapat. Ancas lan tujuanne kang baku, nyenyuwun mring Gusti Allah enggal pinaringan udan. Warga duwe keyakinan, menawa upacara ritual mau ora diadani mangsa ketiga bakal lumaku luwih dawa. Iku ateges warga kono ora bisa nandur pari. Pengalaman kang uwis-uwis, sawise diadani upacara mau watara setengah sasi candhake banjur udan deres.
Kapethik saka: Sejarah Nasional Indonesia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar