Jaman biyen ana dhusun
cilik sing dikuwasai Kraton Majapahit. Ing kana ana sawijining wong kang aran
SUNG GING. Saliyane dagang, Sun Ging uga pinter ngukir kayu. Dheweke mulang
tangga teparo bab ngukir kayu. Suwe-suwe Sun Ging kesuwur ing Majapahit lan
ditimbali raja, diutus ngukir hiasan kraton.
Sawise pakaryan kuwi rampung, raja takon marang Sun Ging.
“Sun Ging kowe pengin jaluk bebungah apa?” pitakone sang raja. “kula nyuwun bebungah
tanah kang dienggoni dening sang raja,” jawabe Sun Ging. Dheweke milih nyuwun
bebungah tanah amarga iku aji kanggo awake. “Tanah kuwi besuke arep tak olah
nganti ngasilake emas permata,” batine Sun Ging. Mulane dheweke ora usah bali
ing negara asale. Sateruse desa iku dijenengi desa Sunggingan, amarga saka
jeneng sing duwe yaiku SUN GING. Dene panambang AN duwe teges panggonan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar