Rikala
samana ana salah sawijining kadipaten ing Keraton Pajajaran sing jenenge
kadipaten Galuh Pakuwon. Adipatine asmane Munding Wilis. Adipati Munding Wilis
duwe garwa sing lagi mbobot. Garwane sing lagi mbobot ngidam kepengin dahar
daging kijang sing sikile putih. Saka panjaluke garwane mau, adipati Munding
Wilis lunga golet kijang sing sikile
putih maring alas. Budhale maring alas mau didherekake para punggawane. Adipati
Munding Wilis olehe lunga nunggang jaran sing jenenge Dawuk Mruyung. Nggone
lunga golet kijang wis direwangi mubeng-mubeng alas, nanging ora nemu neng
ngendi anane kijang sikil putih mau.
Wusanane
Adipati Munding Wilis serombongan mau milih
bali maring kadipaten Galuh pakuwon. Neng tengah dalan bali sekang golet
kijang, rombongane adipati Munding Wilis ngliwati salah sijining desa sing
dienggo sarange pembegal. Adipati serombongane dibegal dening Abu Lawang lan
kanca-kancane. Kabeh banda dunyane dijaluk tanpa keri siji-sijia. Bubar dibegal
kabeh bandane, Adipati Munding Wilis dikongkon bali mlaku dening Abu Lawang.
Satekane Adipati Munding Wilis ing kadipaten Galuh Pakuwon, sang adipati olih
kabar bungah menawa garwane wis
nglairake putra sing bagus rupane. Lan nduweni belong utawa toh wisnu ing
lengen tengene.
Ananging
selang patang dina kabar apik mau gumanti dadi kadadean sing gawe ati sedhih.
Abu Lawang segerombolane nyerang kadipaten Galuh Pakuwon, umah-umah dibakar
kabehan. Kadipaten uga melu dibakar kabeh. Adipati Munding Wilis lan garwane
dislametake dening abdi dalem kadipaten. Nanging putrane sang adipati ora bisa
slamet. Putrane adipati banjur digawa dening Abu Lawang lan diangkat dadi
anakke.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar