Rabu, 02 Juli 2014

GAMBUH


Teks serat Wulangreh pupuh gambuh

        G A M B U H
 01
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kelantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon


02
Aja nganti kebanjur
barang polah ingkang nora jujur
 yen kebanjur kojur sayekti tan becik
 becik ngupayaa iku
 pitutur ingkang sayektos

03
Pitutur bener iku
 sayektine kang iku tiniru
 nadyan melu saking wong sudra papeki
 lamun becik wurukipun
 iku pantes sira anggo

04
Ana pocapanipun
 adiguna adigang adigung pan adigang
kidang adigung pinasti
 adiguna ula iku
telu pisan mati samyoh

05
Sikidang umbagipun
 angendelaken kebat lumpatipun
 pan si gajah angendelken gung ainggil
 ula ngendelaken iku
 mandine kalamun nyakot

06
Iku upamanipun
aja ngendelaken sira iku
 tukang Nata iya sapa kumawani
 iku ambeke wong digung
 ing wasana dadi asor

07
Ambek digang puniku
 angungasaken kasuranipun
 para tantang candala anyenyampahi
 tinemenan boya purun
 satemah dadi geguyon

08
Ing wong urip puniku
aja nganggo ambek kang tetelu
 anganggowa rereh ririh ngatiati
 den kawang-kawang barang laku
den waskitha solahing wong

09
Dening tetelu iku
 si kidang suka ing panitipun
 pan si gajah alena patinireki
 si ula ing patinipun
 ngedelken upase mandos

10
Tetelu nora patut
 yen tiniru mapan dadi luput
 titikane wong anom kurang wewadi
 bungah akeh wong kang ngunggung
 wekasane kajalomprong

Sumber : alangalangkumitir.wordpress.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar