Pendhak uwong mesthi nduweni
pengalaman, Pengalaman mau bisa awujud seneng utawa susah, kadhang bisa uga
lucu. Kaya dene pengalamanku “Pakdhe Oke” ing ngisor iki.
Tanggaku sing asmane Pakdhe Nan
kuwi yen ngendikan pancen rada dhuwur alias sombong amarga pancen ngendelake
donyane sing pancen luwih ana tinimbang tangga – tanggane. Jenenge yen kakehan umuk
mesthine tanggane ya ana sing ora seneng utawa serik. Yen bisa dak padhakake
ngono meh padha karo Pak Jalal ing sinetron SCTV “ Para pencari Tuhan”. Senajan
amale gedhe ning nganyelke wong sing dijak ngomongan.
Nalika pakdhe Nan duwe gawe
nyunatake putrane, sing diundang akeh. Wong sadesa kabeh diulemi, semono uga
wong desa liyane, kalebu wong sing tau ditekani nalika duwe gawe. Pangarepe
mengko oleh buwuhan akeh wong dheweke yen buwuh paling sitik Rp. 100.000.
Nalika bubar gawe, langsung wae
mbukaki oleh – olehane amplop. Lhadalah, entuke sumbangan ora kaya sing diangen
– angen. Amplope akeh sing kosong.
“ora dadi apa, wong aku isih sugih.
Dhuwitku isih akeh. Ya ngiras ngamal.” Ngono ngendikane Pakdhe Nan. Mula
ponakanku yen ngaturi Pakdhe Nan , Pakdhe Oke.
Nuju sawijining dina, pakdhe oke
tindak ziarah rombongan karotangga – tanggane neng wali lima.Zairah sinambi
ngenggar – enggar ati.
Wiwitan sing dijujug yaiku Surabaya
saperlu zairah neng Sunan Ampel. Tekan kana, wong – wong padha genti – genten
saperlu reresik. Ana sing wudhu, ya ana sing adus. Yen sing siji mlebu
jendhing, sing siji jaga barang – barang ana ing jaba. Nalika Pakdhe Oke
giliran arep mlebu jendhing, ora ana sing jaga barang – barange nanging ya
meksa mlebu jendhing. Barang gawane diseleh sandhing lawang. Pakdhe Oke mlebu
jendhing mung sarunga. Klambi lan clana diseleh dhuwur lawang.
Nalika rampung reresik awak, klambi
lan clane ing sampiran wis ora ana. Pakdhe Oke nekad metu. Jebul tas lan barang
– barang liyane uga ora ana. Illang. Kamangka dhompet – dhompete lan liyan –
liyane neng sak clana sing ilang saka sampiran mau.
Kepeksa pakdhe Oke nerusake
nglencer mung nganggo sarung wae. Ora nganggo klambi lan clana. Lha kepriye,
wong dhuwit sadhompete ilang. Dadi arep tetukon sandhangan ya ora bisa. Sing
kebangeten ya kancane nglecer, dheweke ora gelem nyilihi dhuwit apa klambi.
Mbok menawa saka anggone umuk, mula Pakdhe Oke disengaja ora disilihi. Malah
mung dadi garapan, guyonan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar