Rabu, 02 Juli 2014

LABUH LABETE JATHAYU LAN WADYABALA WANARA


Rajane peksi yaiku Jathayu, mitra cakete Prabu Dasarata (ramane Dewi Sinta). Bareng weruh Dewi Sinta dicidra dening Rahwana, dheweke enggal mitulungi. Jathayu mabur ing nggegana ngrebut Sinta saka tangane Rahwana, dedreg undreg-undregan, silih ungkih rebutan Sinta ing nggegana. Emane, Jathayu kalindhih, ditatoni lan diajar dening Rahwana, nganthi swiwi kiwane sengkleh lan tugel. Rahwana bablas mlayu gegana angglandhang Dewi Sinta kang tyerus sesambat tangis.
Tumekane negara Alengka, Sintha dipameri kaendhahane Kraton Alengka Diraja kang sarwa kemelap, warna-warni rerenggan saka mas, inten lan berlian. Ananging dewi Sinta ora gumun lan ora kengguh, Rahwana bola-bali ngerih-rih sarta nglipur Sinta supaya gelem digarwa, nanging Sinta ora bisa nglalekake prasetyane marang Rama. Rahwana kuciwa banjung ngutus Trijata supaya ngereh-reh atine Sinta.
Ing satengahe alas banjur Rama bali menyang papan nalika ninggal Dewi Sinta. Tekan papan panggonane, Sinta ora ana. Rama nemokake kembang, cundhuk mentul lan panganggone Sinta pating pececer. Banjur Rama lan Lasmana nggolekki Sinta ning ora ketemu. Rama nesu banget nganti jagad sak isine arep dijungkir walik.
Nalika nggolekki Dewi Sinta, banjur Rama lan Lesmana ketemu dening Jathayu kang lagi megap-megap ing tengah alas banjur crita yen Sinta diboyong dening Rahwana menyang Ngalengka. Durung rampung anggone crita Jathayu banjur mati. Rama lan Lasmana nerusake lumakune.
Nalika ing tengah alas dheweke ketemu dening rajane wanara yaiku Narpati Sugriwa. Sugriwa gelem menehi pambiyantu Rama kanggo nggoleki Sinta anggere dheweke njaluk direwangi kanggo nglawan kangmase Subali. Sugriwa ditudhung saka negara Kiskendha, banjur negarane direbut dening Subali. Merga kuwi dheweke pengin njaluk bali negarane maneh. Merga direwangi dening Rama banjur Sugriwa isa bali ngrebut negarane lan ngalahake Subali.
Ing negara Kiskendha ana wanara kang sakti mandraguna, wicaksana lan trampil kang arane Anoman. Rewanda putih iki banjur mbiyantu Rama kanggo ngrebut Dewi Sinta saka Rahwana. Banjur anoman lan wadyabala wanara liyane mlebu metu alas nggoleki Dewi Sinta. Ing tengah dalan dheweke ketemu dening peksi Sampati (sedulure Jathayu). Sampati nyritaake yen dheweke weruh Rahwana nggawa Sinta menyang Ngalengka. Banjur Sampati menehi ngerti dalan menyang Negari Ngalengka.
Satekane Ngalengka Anoman banjur mlebu menyang Taman Soka lan ketemu dening Dewi Sinta. Anoman banjur crita yen dheweke kuwi utusane Rama. Ning apese Anoman konangan dening Rahwana. Anoman banjur diukum obong. Merga Anoman kuwi sekti mandraguna dheweke ora kobong lan sing kobong namung buntute. Banjur Amonan ngipat-ngipatke buntute neng sakubenging Negari Ngalengka nganti dadi kobong gedhe.

Kapethik saka : Crita Ayu Sinta lan Raden Rama

Tidak ada komentar:

Posting Komentar