Rabu, 02 Juli 2014

ANOMAN DUTA


Nuju ari pasewakan Prabu Ramawijaya lenggah siniwaka kandhep ingkang rayi ,Raden Laksmana Widagda,Narpati Sugriwa,lan sawetara bala wanara. Kang rinembug ilange Dewi Sinta. Miturut palapurane Jatayu,Dewi Sinta kadhusta dening Prabu Dasamuka, raja ing Negara Ngalengka. Narpati Sugriwa kagungan atur becike nglurug perang ngrebut Dewi Sinta. Raden Laksmana darbe panemu,becike dibuktikake dhisik apa bener Dewi Sinta dumunung ing Ngalengka. Prabu Ramawijaya nyarujuki apa kang dadi ature Raden Laksmana.
Prabu Rama milih Kapi Anoman kang kinarya dutane. Prabu Rama nuli paring sesupe sotya ludira minangka tandha yen nyata Dewi Sinta ing Ngalengka, Anoman kadhawuhan matur yen Prabu Rama tansah raharja lan Prabu Rama bakal ngrebut Dewi Sinta saka Prabu dasamuka.
Sedulure Anoman ,putrane Resi Subali kang aran Anggada ora narimakake yen Anoman dadi duta.”Kakang Anoman ,lilakna kalungguhanmu kinarya duta mring Praja Ngalengka dakjaluk!” . Dhuh,yayi ,aku ora bakal mbadal dhawuhe Sang Prabu Rama.”
“ Mbuh ra idhep..mati kowe dening aku,kakang Anoman!” Perang rame mere ganti mere,bekus-binekus,gigit ginigit.Anoman nuli sedhakep semedi,eling-eling Anoman putra siswane Bathara bayu dewaning angin. Sakala saka anggane Anoman mijil angin Garudha satemah ana sindung riwut lesus. Anggada kadadak kagawa angin garudha katut kabur embuh ing ngendi tibane. Anoman mbacutake laku.
Ing tengah samodra ana buta arane Wil Kathaksini , pagaweane njaga Praja Ngalengka. Kasektene bisa nyerot apa wae mlebu ing wadhuke. Wil kathaksini ngerti ing dirgantara katon kethap-kethip putih memplak.Wil Kathaksini cubriya mula kang katon ing angkasa nuli kaserot mlebu ing wadhuke. Anoman kaserot Wil kathaksini . Ing jero wadhuking yaksa ,Anoman polah ora karuwan. Anoman diutahake. Dadi perang rame Anoman mungsuh Wil Kathaksini . Wekasane Wil kathaksini tanpa daya mungsuh Anoman. Anoman sigra ambacutake lakune.
Ing taman soka praja Ngalengka,Dewi Sinta nandhang kingkin.Dewi Trijata kang ngarih-arih tan kuwawa nyapih sungkawane Dewi Sinta. Prabu dasamuka mlebu Taman Soka loap-loap gandrung Dewi Sinta ,parandene kang digandrungi tansah mlengos.
Ing pange wit nagasari sadhuwure Taman Soka, Si Anoman banget ngungun kasetyane Dewi Sinta marang Prabu ramawijaya.Sapungkure Prabu Dasamuka ,Anoman tumuli turhiyup lunggguh ngabekti mring Dewi Sinta.Anoman matur mring Dewi Sinta jejer dutaning Rama,minangka buktine Anoman ngaturake sesupe sotya ludira. Anoman uga matur manawa ora gantalan wektu suwe tumuli Dewi Sinta bakal kaboyong kondur dening Prabu Rama.
Ana Taman Soka, Anoman kadenengan putra Ngalengka ,Trimurda lan Trikaya.anoman tinarka durjana mula banjur dadi perang rame. Trikaya lan Trimurda tumekaning lampus. Patine Trimurda lan Trikaya dad dukane Raden Indrajid. Raden Indrajid nglepasake panah rante,sakala Anoman kena kabanda rante.Anoman disowanake Prabu Dasamuka kanggo nampa ukuman.
Anoman kang kabanda ora wedi,mala aweh panantang ukuman. Prabu Dasamuka saya muntab nesune,raine abang,tangane kedher getem-getem kaya arep nglethak nglethaka Anoman.wuwuse sora.“Jiiid...! Anoman diseret nyang alun-alun lan obongen!”
Geni kang kanggo ngobong ora tumama ing kulite Anoman ,malah Anoman triwikrama malih dadi wanara gedhene  sagunung anakan.Geni mubal katut lakune Anoman mlebu kraton. Kraton Ngalengka kobong dadakan. Tumindake Anoman kuw dielingake dening ki Lurah Semar
Anoman lilih, banjur bali wujud sakawit lan kondur menyang Pancawati sowan ing ngarsane Prabu Ramawijaya karenan ing penggalih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar