Pandhawa
lima iku turunane Prabu Pandhu
Dewanata kang dadi raja ing Astina. Asmane Pandhawa lima urut tuwa yaiku
Puntadewa, Werkudara, Arjuna, Nakula, lan Sadewa. Garwane Prabu Pandhu
Dewanata ana loro yaiku kang sepisan asmane Dewi Kunthi Talibrata kang nglairake
Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna. Dene garwa sijine asma Dewi Madrim
kang nglairake Nakula lan Sadewa. Nalika mudha, Pandhu disepatani
dening dewa, bakal mati yen nyenggol
garwane, mula banjur tapa ing alas ditutake garwane. Laire pandhawa
lima diterangake ing andharan
ngisor iki.
Sejatine,
Puntadewa iku putrane Bathara Dharma kang manunggalake rasa karo Dewi Kunthi
kang mateg dayane Aji Adityahredaya. Mula saka iku Puntadewa uga diarani
Darmakusuma. Watake jujur, salawase urip ora tau ngapusi, dhemen tetulung
marang sing mbutuhake, lan wicaksana. Asma liyane Puntadewa yaiku Yudhistira
lan Pandhu Putra.
Putra kaping
loro asma Werkudara. Werkudara uga sinebut Satria Panenggak Pandhawa. Ramane
asma Bathara Bayu dewaning angin. Kacarita nalika lair, Werkudara kabungkus
ari-ari sing ora bisa dipecahake nganggo gaman apa bae. Bungkusan mau bisa
pecah sawise diidak gajah sing aran Gajah Sena, mula saka iku Werkudara uga
sinebut kanthi aran Bima Sena lan Bayu
Putra. Kasatriane ing Jodipati. Kawentar sekti mandraguna kagungan Kuku
Pancanaka lan Gada Rujakpolo.
Satria
Panengah Pandhawa asma Arjuna, putrane Dewi Kunthi kang mateg aji Adityahredawa
karo Bathara Indra. Kasatriane ing Madukara. Arjuna kondhang bagus rupane lan
sekti mandraguna. Kagungan sanjata Panah Pasopati. Arjuna uga kerep sinebut
Janaka, Indra Putra, Pandhu Putra, Permadi, Dananjaya, lan liya-liyane.
Sabanjure
Pandhawa sing angka papat lan lima yaiku Nakula lan Sadewa. Bocoh loro iki
putra kembar kang lair saka Dewi Madrim. Ramane dewa kembar asmane Bathara
Aswan lan Bathara Aswin (dewane tabib). Nalika isih cilik, Nakula arane Pinten
lan Sadewa arane Tangsen. Wiwit bayi Nakula lan Sadewa ditinggal mati dening
Dewi Madrim kang bela pati marang garwane sing wis seda. Sanajan bocah lola
nanging Dewi Kunthi kersa ngopeni bocah loro mau kaya putrane dhewe. Puntadewa,
Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa kawentar sinebut Pandhawa Lima. Pandhawa dadi
mungsuh bebuyutane Kurawa nganti dumadi perang Bharatayuda Jayabinangun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar