Rikala semana ana Raja
ajejuluk Prabu Baka. Piyambake mimpin Kraton Prambanan lan duweni putri ayu
kanthi nama Roro Jonggrang. Awit Prambanan njajah warga Pengging, Pangeran
Pengging kang nama Bandung Bondowoso diutus supaya merjaya Prabu Baka.
Singkating crita, Bandung Bondowoso kasil merjaya Prabu Baka. Rara
Jonggrang banget mangkele karo Bandung
Bondowoso, apa maneh nalika Jonggrang arep dipekgarwa.
Bandung Bondowoso : “Putri Rara Jonggrang kersaa
dadi garwaku, sliramu bakal dakayomi”
Rara Jonggrang :
“Ora bakal! Yen awakmu bisa gawe candi cacahe sewu kanthi wektu sewengi, aku
gelem dadi bojomu.”
Bandung Bondowoso : “Ya, bakal daklakoni saratmu
kuwi.”
Bandung Bondowoso sing
sekti mandraguna ngundang jin supaya ngrewangi gawe candi. Siji mbaka siji
candi dibangun kanthi cepet.
Rara Jonggrang sing
sabenere lara ati krana Ramane diperjaya Bandung Bondowoso, bengi iku golek
cara supaya Bandung Bondowoso ora kasil ngrampungake sewu candi. Jonggrang
njaluk pitulungan marang ibu-ibu kanggo nuthuki lesung supaya jagone padha
kluruk. Nalika jago kluruk, jin-jin padha wedi lan ninggal gaweyane amarga
dikira wis rina. Kamangka durung rampung anggone mbangun candi.
Candi sing kudune
cacahe ana sewu wektu iku isih kurang siji. Bandung sing rumangsa diapusi Rara
Jonggrang nganti ndadekake dheweke murka. Awit saka iku, Bandung ngesotke Rara
Jonggrang dadi watu kanggo njangkepi candi sewu.
Saiki Bandung Bondowoso
bisa ngrampungake sarate mbangun candi sing cacahe sewu. Ananging dheweke ora
bisa nggarwa Rara Jonggrang, awit Jonggrang wis dadi candi. Ing reja-rejaning
jaman, candi sewu saiki diarani candi Prambanan sing ana ing Desa Prambanan,
propinsi Ngayogyakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar