Nadyan Grebeg Siyam ing Karaton
Ngayogyakarta digelar saben taun, ananging tansah antuk kawigaten mirunggan.
Kanthi sabar para warga kang ora mung saka tlatah Ngayogyakarta, malahan tekan
manca negari pisan ngenteni miyos hajad Dalem Gunungan Lanang.
Kaya adat sabene Grebeg Siyam dianakake ing
kawitan wulan Syawal manut petungan Kalender Sultanagungan. Yen taun kang
kawuri mundur sedina saka dina Riyaya versi Pemerintah, dinane iki lumakune 1
Syawal ing Karaton Ngayogyakarta padha lan petungan Kementrian Agama RI. Yakuwi
tumiba tanggal 19 Agustus 2012.
Sadurunge Grebeg, Sultan Hamengku Buwana X
nindakake sholat Ied, ana ing alun-alun lor Karaton Ngayogyakarta kadherekake
putra mantu lelorone KPH Purbadiningrat apadene KPH Yudanegara sarta Pengageng
II Tepas Dwarapura KRT Jatiningrat SH. Esuk kuwi kang nindakake Imam apadene
Khatib yakuwi KRT Drs. H. Ahmad M Kamaludiningrat. Bakda sholad Ied Sultan
Hamengku Buwana silatuhrahmi lan sawatara umat muslim ing gedhong PDHI kang
dumunung sakulone alun-alun lor.
Sawatara kuwi ing wektu bebarengan abdi
dalem Prajurit Karaton Ngayogyakarta tata baris ing plataran Pracimosono ngantu
tekane wewakile prajurit kang njupuk Pusaka Dwaja Prajurit ing dalem Kedhaton.
Tekan plataran Pracimosono kang jaman mbiyene dienggo garasi, pusaka Dwaja
kasiapake. Kapangarsa KRT Mangkuyuda. Lurup pusaka kang dadi pepucuke Dwaja
kalolos.
Sawise samekta bregada prajurit cacah sanga
metu saka Pracimosono tumuju Kemagangan liwat njaba. Dene prajurit Bugis
apadene Surakarta tumuju Kemandungan lor liwat Pagelaran. Ing Kemagangan
apadene Kemandungan Lor bregada prajurit ngaso ing kono sawetara wektu.
Mas Riya Ngabdulridwan metu saka regol Sri
Maganti ngirit kanca kaji sarta abdi dalem Suranata tumuju Pengulon. Saperlu
ndhawahake dhawuh timbalan dalem bab Grebeg Siyam ing ngarsa Kyai Penghulu KRT
Drs. H. Ahmad M Kamaludiningrat. Sarta nggawa ubarampe sesaji grebeg kayata
sekarsari, gedhang sarta beras.
Tekan pengulon, Mas Riya Ngabdulridwan
ndhawahake dhawuh timbalan dalem bab Grebeg Siyam. Wose Kyai Pengulu kasuwun
andongakake hajad dalem sarta kasugengan Dalem Sampeyan Sultan Hamengku Buwana
kaping Sadasa, garwa saha putra wayah. Luhuripun Panjenengan Dalem, panjangipun
Yuswa Dalem sarta arjakartanipun nagari Dalem. Bubar kuwi Mas Riya
Ngabdulridwan sakanca bali menyang papan pacaosan ing Masjid Panepen.
Tan
antara lama KRT Mangkuyuda nyiyagakake bregada prajurit ing Kemagangan. Paring
palapuran marang Manggalaning upacara GBPH Yudaningrat. Manggalaning Yudha
banjur mlampah dhisik tumuju sangarep regol Sri Maganti. Bregada prajurit cacah
sanga banjur baris saka Kemagangan tumuju Siti Hinggil. Sajrone lampah liwat plataran
kedhaton saliring tetabuhan kasuwuk. Nembe katabuh sawise ngliwati Regol
Danapertapa.
Kaya
adat saben, bregada Prajurit Wirabraja kang asring sinebut Prajurit Wirabraja
kang asring sinebut prajurit Lombok abang baris ngarep dhewe. Kasusul bregada prajurit
Daeng, Patangpuluh, Jagakarya, Prawiratama, Nyutra, Ketangguh, Mantrirejo,
Langenastra. Kasusul tindake Manggalaning Upacara kaiirng abdi dalem kang
nggawa perabot kayata kecohan, pangunjukan lsp. Kasusul bregada prajurit Bugis,
abdi dalem sipat bupati ngirit miyos hajad dalem gunungan Lanang kanthi pepucuk
kanca abang nggawa panjang jimat sakembaran. Mburi dhewe bregada prajurit
Sukarasa. Tekan Siti Hinggil sumene sawatara wektu.
Wanci
jam sewelas irit-iritane Grebeg Siyam nerusake laku tumuju alun-alun lor.
Prajurit Wirabraja mlaku ngarep dhewe kasusul prajurit cacah wolu liyane. Ing
alun-alun tata baris adhep-adhepan ngadhepake dalan ing tengah alun-alun.
Manggalaning Yudha uga banjur mlaku lan ngadeg ing tengah madhep ngalor. Sawise
sumadya kumendhaning upacara KRT Mangkuyuda paring palapuran, wose hajad dalem
siap kawiyosake.
Prajurit
Bugis ngirit miyose hajad dalem. Kasusul abdi dalem sipat bupati kang nganggo
rasukan atela. Kanca abang kang nggawa panjnag jimat. Kanca abang kang ngusung
gunungan. Mburi dhewe Prajurit Sukarasa. Tekan alun-alun miyos hajad dalem
kanthi drel sanjata.
Miyos
hajad dalem ing mesjid Agung kairit Prajurit Bugis sarat kairing Prajurit
Sukarasa. Sawiyos hajad dalem Gunungan, Manggalaning Yudha sarta prajurit cacah
sanga bali liwat Siti Hinggil. Tekan Kemandungan Lor sumene sawatara wektu.
Tekan
plataran Mesjid Agung, hajad dalem Gunungan katata ing sangarep regol, isih
kausung kanca abang. Abdi dalem sipat bupati kang ngirit hajad dalem Gunungan
paring palapuran marang Kyai Pengulu KRT Drs. Ahmad M. Kamaludiningrat. Kyai
Pengulu banjur atur pandonga. Rampung atur pandonga, hajad dalem gunungan
didelehake ing plataran. Ora nganti semenit entek karayah dening warga kang
padha ngalap berkah.
Ing
Grebeg Siyam hajad dalem Gunungan kang kawiyosake mung siji. ‘Gunungan ingkang
wujudipun kadosdene tumpeng menika sayektos lambang tauhid, mimnagka
pangeling-eling tumrap warga amrih tansah manembah kunjuk ing ngarsa Gusti
Allah, ingguih kagem nuwuhaken keimanan’ pratelane Kyai Pengulu.
Bubar
kuwi Prajurit Bugis, Surakarsa apadene abdi dalem sipat bupati banjur bali.
Tekan Kemandungan, prajurit sakloron ngetutake lakune abdi dalem cacah sanga
bali menyang Pracimosono. Dene abdi dalem sipat bupati mlebu kedhaton saperlu
kedhaton saperlu nindakake acara ngabekten.
Ing
acara ngabekten awan kuwi lumaku tumrap abdi dalem kakung. Sultan Hamengku
Buwana X lenggah ing Bangsal Kencana sajrone nampa caos pangabektine abdi
dalem. Ndhisik dhewe nampa pangabekti KGPAA Paku Alam IX. Banjur rayi dalem
Kangjeng Sultan kayata GBPH Prabukusuma, GBPH Yudaningrat Walikota Yogyakarta
Haryadi Suyuti, Wakil Walikota Yogyakarta Imam Priyono, Bupati Kulonprogo dr
Hasto Wardoyo, Wakil Bupati Kulonprogo Sutedjo, Bupati Sleman Sri Purnomo
apadene mantan Bupati Bantul HM Idham Samawi.
Dene
Bupati Bantul H Sri Surya Widati apadene Bupati Gunungkidul H Badingah olehe
caos pangabekti ing dina Senen beberengan lan putra dalem putri Kangjeng Sultan
sarta abdi dalem putri sipat bupati sapendhuwur liyane.
Ing
ngabekten dina Senen kang sepisanan caos pangabekti yakuwi garwa dalem GKR
Hemas, banjur GKR Pembayun, GKR Candrakirana, GKR Maduretno, Graj
Nurabrajuwita, GKR Bendara. Wayah dalem Raj Arti Ayya Fatimasari. Para garwa rayi dalem.
Sentana Bendara putri sarta abdi dalem liyane.
Acara
ngabekten menika wujud silatuhrahmi sarta nggambaraken tuhu setya kawula
dhumateng ratu ingkang jumenenng, pratelane KRT Jatiningrat.
Wasana
nuwun!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar