Nalika
kula tasih kelas sekawan SD, antawisipun umur sanga dumugi sedasa taun. Griya
kula wonten ing dhaerah Gondhang, Sragen, caket kaliyan salah satunggaling
peken. Sanajan agengipun boten sepintena, ananging peken menika ngemot sedaya
barang pokok dumugi barang ingkang langka ing peken-peken sanesipun. Janganan
dhaerah pesisir kados ta kangkung dumugi janganan gunung kados ta loncang ugi
wonten. Semanten ugi babagan kewan. Peken menika sadeyan trewelu dumugi iwak
laut. Boten mokal menawi peken menika boten nate sepi. Peken menika namung
bukak ing legi kaliyan wage kemawon, dados boten saben dinten bikakipun.
Wonten ing
sawijining dinten, inggih menika dinten minggu wage, kula kaliyan kanca-kanca
dolan menyang peken saperlu tumbas kuthuk ingkang sampun dipuncet warna-warni
kangge dolanan ten lapangan sekolahan. Kula, Adhit, kaliyan Roni tumbas kuthuk
ten Pak Ngadiman. Kula milih kuthuk ingkang warna abrit, amargi benten piyambak
kaliyan sanes-sanesipun. Nalika badhe wangsul saking peken kuthuk kula ucul,
lajeng mlajeng ten blok ingkang sadeyan iwak. Kula lan kanca-kanca midar-mider madosi
kuthuk warni abrit, lajeng kula nyuwun pirsa kaliyan salah satunggaling bakul
iwak, “Pak, tang mriki wonten kutuk menapa boten?” “Oh, enten dhik. Sik tak
bungkusne,” wangsulanipun bapak wau. Kula radi kaget menawi krungu tembung “Tak
bungkusne”. Boten dangu pak bakul iwak maringi kula setunggal plastik iwak,
lajeng ngendikan “Iki dhik kutuke. Sekilo patangpuluh lima ewu ya”. Lah dala.
Kula kaget. Kula nembe ngertos anak pitik nyebatipun kuthuk menawi kula nyebat
kutuk, kula bakal angsal setunggal kresek iwak kangge dipun goreng.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar