Apa
iki dluwang?
Isi
cathetan apa kepekan
Aja
diwaca kanthi seru
Apa
iki dluwang?
Isi
dhuwit mayuta-yuta
Kanggo
mbuntel para pejabat
Apa
iki dluwang?
Piranti
kang isih putih
Saiki
gluprut mangsi
Sanajan
ketetesan banyu, ora bakal luntur
Apa-apa
wis cinathet
Sapa
sing bisa mbusak?
Senajan
ing lathi wis ngocap tobat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar