Senin, 30 Juni 2014

TEMBUNG ENTAR LAN TEMBUNG SAROJA


Tembung Entar
Entar tegese ampil/silih
Dadi tembung entar tegese tembung silihan utawa kang tegese ora salugune.

Tuladha:
Adol bagus                  : ngatonake baguse
Pingget atine               : serik
Gedhe atine                 : mongkok, mantep
Mata dhuwiten            : petung banget marang dhuwit
Satru ati                       : musuh batin
Lunyu ilate                  : mencla-mencle
Ngilani dhadha           : ngremehake kasektene liyan
Rai gedheg                  : ora duwe rikuh lan isin
Mbukak wadi              : ngandakake wadi

Tembung Saroja
Saroja : rangkep/ kembang trate padma/ kumuda
Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha/ meh padha tegese dienggo bebarengan duwe teges mbangetake.

Tuladha:
Mudha                         = bodho
Punggung                    = bodho
Mudha punggung        = bodho banget

Tuladha:
Adi luhung
Gandes luwes
Angkat junjung
Baya pakewuh
Duga prayoga
Guna kasantikan
Sumbang surung
Tindak tanduk
Mukti wibawa
Lansak pituture

Ukara Lamba lan Ukara Camboran
Bab ukara lamba kaanggep wis padha mangerteni kanthi cetha dene kang bakal dirembug ukara camboran sedrajat.
Ukara camboran sadrajat yaiku ukara kang dumadi saka ukara lamba loro utawa luwih kang siji-sijine ukara mau isih madeg dhewe-dhewe sarta surasaning ukara-ukara mau ana gandheng cenenge.

Tuladha:
Bapak maos koran, ibu nyerat layang
(bapak maos koran = ukara lamba, ibu nyerat layang = ukara lamba)
Panggandhenging ukara lamba loro cacahe kajaba diwenehi tandha koma ana liya yaiku:
  • Sarana tembung pangiket kang samurwat = lan, karo, sarta, dene. Tuladha: Ratna ditampa ing SMA dene Ratri munggah kelas loro SMP.
  • Sarana tembung pangiket kang mrateakake kosok balen. Tuladha: Sawitri iku bocahe piter nanging adhine bodhone ngepol.
  • Sarana tembung pangiket kang mratelakake sebab musabab. Tuladha: yen kowe kepingin bijine apik kudu sregep sinau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar