Rabu, 25 Juni 2014

PARIBASAN


Kasusastran Jawa kang karacik mawa basa kang mligi lan tata. Tetembungane dironce kanthi edi peni ndhapuk ukara gancar. Reroncening ukara ana kang bisa owah, nanging ana uga kang gumathok ora kena diowahi. Surasaning ukara ana kang wantah, lan ana kang asipat pasemon, ngemu teges entar.
Kasusastran kang arupa basa gancar, dhapuking ukara tinamtu, ajeg panganggone, ngemu enter, upamane: paribasan, sanepa, panyandra, isbat, lan cangkriman.
  • Paribasan
Paribasan iku unen-unen kang wis gumathok racikane. Teges kang kinandhut uga wis tartamtu mulane ora kena diowahi. Lumrahe paribasan iku ngemu teges kang entas (kiasan). Tegesing tembung lumereg (Ind: bergeser), gumantung ing surasane lan karepe kang kinandhut ing unen-unen.
Paribasan iku ngemu teges tetandhingan, pepindhan utawa pepiridan, saemper pasemon. Lumrahe, sing disemoni iku manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan ana kang ingaran bebasan lan saloka. Paribasan diarani bebasan yen lereging teges ngenani sesipatan utawa kaanan kang gegayutan karo ulah kridhannig maningsa. Tuladhane, yen ana wong kang ngumukake kekuwatane, gumedhe, lan kuminter, dibebasakake: adigang, adigung, adiguna. Paribasan diarani saloka yen lereging teges ngenani sing disemoni, disaneponi, utawa dipindhakake. Tuladhane, yen ana wong tuwa njaluk wulang karo anak disalokani: kebo nusu gudel.

1.      Bebasan
Bebasan iku tetembungan kang ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan, sing dipepindhakake kaanane wong utawa barang.
Tuladha:
a.       Wis kebak sundukane tegese wis akeh dosane.
b.      Nututi layangan pedhot tegese nututi barang remeh, manawa kecekel ora sumbut karo rekasane.
c.       Ngubak-ubak banyu bening tegese nggawe rerusuh ana papan panggonan kang tentrem.
d.      Emban cindhe emban siladan tgese pilih kasih.
e.       Cebol nggayuh lintang tegese kedhuwuren gegayuhane.
f.       Ngaup ngisor awar-awar tegese njaluk pitulungan marang wong kang ringkih.
g.      Nabok nyilih tangan tegese tumindak ala sarana kongkonan wong liya.
h.      Sedhakep ngawe-awe tegese katone ora ngerti jebul tuduh-tuduh.
i.        Idu didilat maneh tegese njabel kesaguhane sing wis dikandhakake.
j.        Jurang growah ora mili tegese katone loma nanging cethil.

2.      Saloka
Saloka iku tetembungan kang ajeg panganggone, ngemu teges entar lan surasa pepindhan, kang disalokakake kaane wonge.
Tuladha:
a.       Gajah ngidak rapah tegese wong kang nerak wewalare dhewe.
b.      Timun mungsuh duren tegese wong cilik mungsuh wong gedhe.
c.       Tumbu oleh tutup tegese wong memitran wis cocog.
d.      Kebo lumumpat ing palang tegese wong ngadili prakara ora nganggo wewaton sing bener.
e.       Tekek mati ulone tegese wong cilaka merga saka omongane dhewe.
f.       Ula marani gebuk tegese wong kang njarak marang kacilakan.
g.      Pecruk tunggu bara tegese wong ala pinarcaya njaga barang kang dai kasenengane.
h.      Cecak nguntal elo tegese wong duwe karep kang mokal kalakone.
i.        Asu arebut balung tegese wong rebutan barang kang ora mingsra.
j.        Semut marani gula tegese wong kang marani papan panggonan kang ana rejekine.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar