Sore iku kira-kira jam
telu, Aulia isih lungguh meneng, nglamun dhewekan ora ana sing ngancani. Kudune
jam kuliah wis rampung, para mahasiswa wis padha bubar menyang halte ngenteni
angkutan yen ora padha ngenteni jemputan. Ana uga mahasiswa sing isih padha
dolanan ing lapangan kampus lan ana sing les tari utawa sinau kelompok. Aulia
mung nyawang kedadeyan sakiwa tengene karo rai melas. Batine krasa ora kepenak,
awake krasa keranta-ranta.
Ora suwe krungu swara
motor mega-pro mandhek persis nang ngarepe bocah wadon sing ayu nganggo kudung
putih resik kuwi.
“Ora bali Dhek?”
Bocah wadon kudung
putih kuwi kaget, glarapan amarga Fachri teka nyedaki. Dheweke langsung mudhun
saka motore lan lungguh jejer karo Aulia.
“Mas Fachri ya durung
bali..!” sumaure Aulia, sinambi ndelengi Fachri rada kuciwa.
Fachri
iku pacarku nanging ora ana bagus-baguse blass, sawise ndelengi klambine pacen
ora katon endah. Wis celanane suwek mebret-mebret nggon dengkule, kalungan
rante nyisan, pantes yen diarani preman kampus. Batine Aulia.
Aulia pengen banget
ngenalake pacare karo Bapak Ibune, nanging keweden yen Bapak Ibune
karanta-ranta ora bisa narima Fachri sing amburadul mau. Kuwi alesane kenapa
dheweke durung wani matur marang Bapak Ibune teka saiki.
Aulia unjal ambegan
ndhisik sakdurunge ngomong. “Aku arep ngomong serius karo kowe Mas..!”
“Arep ngomong apa Dhek,
ngomong wae..” Fachri sing wis ora sabar ngenteni.
“Nanging aku wedi yen
Mas Fachri ora kalegan.”
Fachri mesem. “Nak
durung ngomong ya ora bakal aku ngerti apa sing mbok karepake Dhek..?”
“Sabenere Mas Fachri
kuwi tresna tenan karo aku apa ora?..gek-gek mung gawe dolanan..?” Aulia
ngomong nganti diwanekake.
Fachri unjal ambegan
landhung banget, karo ngeti praupane Aulia sig ayem brukut kudungan putih mau.
“Lha nak ora tenanan ya
ora bakal Mas arep nglamar Adhek minggu ngarep..!” banjur mbacutake “kanggo apa
tresna dianggo dolanan?” wangsulane Fachri marang Aulia supaya percaya.
“Ora usah guyonan
Mas,,!” ujare Aulia krungu yen bakal dilamar Fachri.
“Bapak dereng ngertos
sejatine Mas Fachri...”
“Mas mu iki ora gawe
guyonan kok...!”
Aulia mung bisa meneng
banjur ngomong “Lalekake wae niatmu arep nglamar Dhek Lia, Mas..!”
“Lha kenapa?” Fachri
bingung.
“Dhek Lia kenapa? Apa
Mas ketara yen ngapusi?”
“Nanging Bapak mpun
kagungan jodho kangge Adhek. Sing sholeh lan taat ibadahe.” Aulia nangis
sesenggukan.
“Mas Fachri ya taat kok
ibadahe..”Fachri ngeyel.
“Dhek Lia ngerti kok
Mas.., nanging Bapak napa saget percaya?”
“Pokoke Mas ora arep
ngerti bab kuwi, sing penting minggu ngarep Mas bakal teka nang ngomah arep
nglamar kowe Dhek,!”
“Wis-wis Mas lalekake
wae, Bapak wis nggolekake jodho kanggo aku.” Fachri kaget.
Kabeh krasa sepi
ndhedhet, anane mung swara tangise Aulia.
“Apa bener sing mbok
omongke kuwi Dhek?” Fachri takon.
Aulia mung manthuk,
sanajan Fachri meneng klakep ora bisa ngomong apa-apa maneh. Sawise padha
meneng-menengan. Fachri ngomong.
“Dhek Lia ampun nangis
malih nggih...! anggep wae iki ujian kanggo tresnane awake dhewe. Muga-muga
Gusti Allah duwe dalan sing luwih apik mbesuke.” Ujare Fachri sing nglapi luhe Aulia karo kacu coklate.
“Ayo Dhek tak terake
bali.!” Ajake Fachri karo nggandheng tangane Aulia.
Sinambi ngenteni
lamarane Fachri teka, Aulia mung bisa pasrah. Saben dinane mung meneng nang
njero kamar. Dheweke ora bisa mbayangake apa sing bakal dialami minggu ngarep
kuwi. Aulia ora bisa pisah karo Fachri jalaran wis padha-padha tresnane.
Nanging kudu piye maneh, wong tuwa wis nduwe jodho kanggo dheweke. Sanajan
bocah sing dijodhohake apik, yen durung ketemu ya durung bisa sambung tresna.
Bapak lan Ibune saben
dina nglipur Aulia. “Wis ta Ndhuk, Tresna iku jalaran saka kulina... mengko yen
wis ketemu rak seneng dhewe.” Aulia takon kepiye olehe bisa entuk kamulyan ing
uripe mbesuk, nanging ya kuwi mau saurane wong tuwane. Saben dina Bapake
ngomong yen bocah lanang sing arep dadi sisihane kuwi bocah sing apik budine,
sholeh lan liya-liyane. Lan Aulia ora ngira yen Bapakne wong lanang mau jebul
kancane Bapak nalika isih cilik mbiyen. Aulia kerep takon, kenapa pacare ora
kaya sing diimpen-impenake Bapake..nanging kabeh kuwi siya-siya.
Dina lan dina wis bisa
dilakoni kanthi ikhlas, dina minggu wis teka Aulia durung ngerti sapa sing
bakal teka lan dijodhohake karo dheweke. Teka semene Aulia mung ngerti jenenge
bocah lanang kuwi.
Jenenge Albar, iku sing
disampekake Bapak lan Ibune marang Aulia. Rencanane jam loro awan, Albar lan
keluwargane bakal teka kanggo rembugan perjodhohanku karo Albar. Aulia ora bisa
ngomong apa-apa, bisane mung meneng nang kamar.
Ora suwe, Albar lan
keluwargane wis teka. Banjur keluwarga sakloron padha rembugan babagan
perjodhohan ana ing ruang tamu. Krungu swarane Bapake sing ngundang Aulia
kareben enggal-enggal metu nang ruang tamu supaya bisa ngeti calon bojone. Mula
Aulia ndedonga ndhisik.
“Ya Allah Gusti, menawi
tiyang jaler menika sae kangge gesang kula, paringana kula saget ikhlas lair
dumugi batos.”
Luhe Aulia pating
dleweran nelesi pipine. Alon-alon Aulia mbukak lawang kamare. Dene Bapake wis
ngenteni ana ing ngarep lawang.
“Ayo metu, kae lho,
temoni calon bojomu!” sawise kuwi Bapake metu nang ruang tamu.
Alon-alon Aulia karo
ati sing durung mantep banjur dimantep-mantepake karo maca bismillah nang njero
batine. Muga-muga wae awake bisa kuwat lan bisa narima kalawan Gusti Allah.
Aulia metu, mlaku
menyang ruang tamu. Dheweke kaget lan ora bisa ngomong apa-apa, ora krasa luhe
metu pating dlewerana nelesi pipine.
“Subhanallah...!” Ujare
nang njero ati.
Ora ngira yen atine
bakal sabungah dina iki, bocah lanang sing dijodhohake ora liya wong lanang
sing ngeterake bali seminggu kepungkur, yaiku Fachri, ya Fauzi Fachri Albar,
bocah lanang sing ditresnani kae.
“Subhanallah...” ujare
Aulia.
“Mriki cah ayu!”
undange Bapake, supaya Aulia gelem lungguh.
“Iki lho priya sing tak
maksud, piye seneng ora?” ujare Bapake Aulia nggodha. Banjur mbacutake omong.
“Piye pilihane Bapakmu? Bener ta ujare Bapak? Bocahe sholeh, Bapak yakin Mas
Albar bisa njaga lan tresna karo awakmu.” Ujare Bapakne.
Iki dudu ngimpi,
bener-bener Mas Fachri sing nang ngarepe. “Ya Allah apa iki jodhoku...” sepisan
maneh, Aulia ndelengi bocah lanang mau, ora salah maneh Mas Fachri. Beda kaya
biasane, dandanane nggambarake pria sing sholeh, Aulia bener-bener pangkling.
“Dhek Lia, Mas Fachri
ora ngapusi ta?” Aulia mesem tipis, gara-gara diguyoni Fachri lan keluwargane.
“Iki Mas Fachri sing
sabenere. Saiki Dhek Lia percaya apa ora karo Mas Fachri?”
Aulia mesem bungah
banget.
“Matur sembah nuwun
Bapak Ibuk, Aulia purun lan ikhlas menawi dipunjodhohaken kaliyan Mas Fachri.”
Bapake mesem lan krsa
lega amarga krungu putrine sanggup lan saguh urip mbangun ballewisma enggal
karo pria sing dijodhohake.
“Ya, mugi-mugi ngger
anakku, tresnamu bisa teka kaki-kaki lan ninen-ninen kaya mimi lan mintuna. Apa
sing dadi impenmu bisa kalaksanan, padha sing akur yaa...” kuwi dongane Bapak
sadurunge aku resmi dadi bojone Mas Fachri mbiyen.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar