Upacara
mitoni menika dipunlampahi dening tiyang Jawi, mliginipun nalika wanita
nembe ngandhut ingkang kapisanan utawi mbobot putra kapisan. Tembung mitoni asalipun saking tembung pitu, pramila upacara
mitoni dipunadani nalika umur kandhutan sampun ngancik pitung sasi.
Wondene ubarampe kangge slametanipun inggih menika sekul janganan, tumpeng,
jenang abrit, lan jajan pasar. Ubarampe sanesipun awujud jinis kembang-kembangan
lan jarik pitung iji. Miturut tiyang Jawi, tata cara ingkang baku wonten ing
salebeting upacara mitoni inggih menika siraman lan gantos nyamping ngantos
kaping pitu.
Ing
acara siraman, dipuncawisaken bokor utawi wadhah toya ingkang sampun
dipuncampuri kembang setaman. Toya ingkang sampun dipuncampuri kembang setaman
menika kagem siraman dening wanita ingkang nembe ngandhut. Lajeng
anggenipun nyiram dipunsidhuk ngagem bathok utawi siwur. Siraman menika dipunpandhegani
dening dhukun, wondene ingkang nyiram inggih menika para sesepuh cacahipun
pitu.
Sasampunipun
siraman lajeng dipunubedi letrek utawi kain jarik ingkang logro sarta
dipunagemi sabuk saking godhong tebu tulak. Ing salebeting letrek menika
dipunlebetaken cengkir gadhing. Salajengipun sabuk wau dipunkethok ngangge
keris lan mecah cengkir gadhing ingkang dipunlampahi dening calon bapak saking
bayi ingkang dipunandhut.
Lajeng
wanita kang ngandhut jumeneng ing tritisan. Ing papan menika sampun dipuncawisaken
sinjang lan kemben cacah pitu. Salajengipun dhukunipun nganggekaken jarik menika
setunggal mbaka setunggal. Rampung ngangge setunggal langsung dipunuculi,
lajeng dipunagemaken malih jarik sanesipun. Kados makaten ngantos kaping
enem lan para pinisepuh mesthi ngendika dereng patut. Wondene anggenipun
ngagem jarik ingkang pungkasan, para pinisepuh sami ngendika sampun patut.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar