Rabu, 25 Juni 2014

TEMBANG MACAPAT


   Tembang yaiku sawijining susastra kang macane kudu dilagukake miturut laras slendro lan laras pelog. Dene tegese tembang iku yen basa kramane yaiku sekar kang padha karo dasanamane kembang. Tembang iku wujude puisi kang kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
      Tegese yaiku: 
  • Guru gatra                = yaiku araning cacahing gatra (larik) saben satembang, saka wiwitan tekan pungkasan.
  • Guru wilangan           =  yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
  • Guru lagu                  = yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra.
Macapat yaiku puisi sing kaiket sajak lan ngandung nada sing mbentuk lagu. Tembang macapat iku disebut tembang cilik. Ana pitung alasan kenapa tembang macapat iku diarani macapat, yaiku:
1)      Maca papat-papat: nembangkene kanthi pedhotan papat-papat sakwanda. Tuladha: ngelmu iku (4 wanda), kalakone (4 wanda), kanthi laku (4 wanda).
2)      Maca-pat: isi teks tembang nyritakake kedadean ing bumi lan patang arah angin (keblat papat lima pancer).
3)      Manca-pat saka manca-arpat lima sandhangan utawa guru lagu, yaitu: a (legena), i (wulu), u (suku), e (taling, dan o (taling tarung), e (pepet) digunakake ing pungkasaning gatra.
4)      Maca-cepet: maca cepat ora kakeyan luk, wilet, sing penting tembange krungu cetha.
5)      Macakep (metatesis dadi macapat) saka maca cakepan, yaitu maca syair tembang utawa cakepan tembang.
6)      Maca mat (maca kanthi dimatake: maca kanthi ngati-ati lan dinikmati), utawa maca maat (maca kanthi irama lan lagu).
7)      Maca-pat, yaiku maca (tembang) sing kepapat, yaitu: sepisan; maca-sa-lagu tembang gedhe (kuwi, kakawin), kaping pindho; maca ro lagu, kaping telu; maca tri-lagu-tembang tengahan, kaping papat; maca-pat-lagu-tembang cilik (macapat).
Saka  tegese macapat iku mau tembang macapat yaiku susastra kang diwaca (maca) sing kepapat (kapat) kagolong tembang cilik. Sadurunge tembang macapat yaiku maca sa-lagu, maca ro-lagu, lan maca tri-lagu, sahengga sekar cilik iku kaceluk maca pat lagu sing disingkat dadi macapat.
Tembang macapat iku cacahe ana 11 lan nduweni watak dhewe-dhewe, yaiku:
No.
Tembang Macapat
Watak
Guru Gatra, Guru Lagu, dan Guru Wilangan
1.  
Mijil
gagah, perwira, bungah, semangat, ndidik.
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u.
2.  
Sinom
Bungah, semangat, santai, lincah, wibawa.
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.
3.  
Kinanthi
seneng, ndidik, rukun.
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.
4.  
Asmarandana
sedih, kangen, prihatin, kebak tresna.
8i, 8a, 8e (8o), 8a, 7a, 8u, 8a.
5.  
Gambuh
wajar, cetha, tanpa rangu-rangu.
7u, 10u, 12i, 8u, 8o.
6.  
Dhandanggula
manis, luwes, kekancan, seneng.
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.
7.  
Durma
semangat, kasar, galak.
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.
8.  
Pangkur
perwira, semangat, gagah, nesu.
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
9.  
Maskumambang
susah, sedih, celaka, kuciwa, nerawang.
12i, 6a, 8i, 8a.
10.               
Megatruh
prihatin.
12u, 8i, 8u, 8i, 8o.
11.              
Pucung
sedih, lelucon.
12u, 6a, 8i, 12a.

Tuladha:



Gambuh

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
#Wedhatama

Tidak ada komentar:

Posting Komentar