Keponakan kula
ingkang tasih alit nembe muwun. Muwunipun boten kados rumiyinipun. Punika
ndamel duka biyungipun ingkang nembe nyiapaken mucal. Garwanipun dereng kondur
saking nyambut damel. Minangka putra-putrinipun ingkang sanes sampun sami
mlebet wonten kamaripun piyambak-piyambak, sami nyiapaken ujian komprehensif.
“Kang Letug, nyuwun
tulung nggih, dipunjagi putri kula niki. Dipunkendelaken supados boten
ngganggu. Kula nembe buneg sanget niki”. Panyuwunipun rayi kula.
“Inggih, mengke kula
kendelaken”. Kula lajeng mlampah nyelaki keponakan kula ingkang yuswanipun
dereng wonten gangsal taun.
“Udah yah....Mama
sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau adik nangis terus...”. kula matur ngagem
basa Indonesia.
Amargi lare saniki
basa Jawi ingkang alus boten sami mangertos. Pramila wonten ing kulawarganipun
rayi kula, basa padintenanipun campur. Minangka langkung kathah sami
ngginakaken basa Indonesia. Kraos asring sanget pramila kula nyoubi ngginakaken
basa Jawi ingkang alus. Lare-larenipun sami boten remen. Lajeng miwiti ngagem
basa Indonesia. Lare-lare ugi sampun boten ndangu rama utawi ibu dumateng
tiyang sepahipun, ananging sampun migunakaken tembung Papa utawi Mama.
“Kenapa menangis
terus Teta? Apa karena dinakali Mama?”.
“We...weeee....Teta
mau dibelikan baju baru...we...wee..”
Teta asmanipun
keponakan kula wau, nyuwun dipunpundutaken rasukan enggal. Mbok menawi bapak
ibunipun tasih boten kagungan wekdal.
“Besok Pakdhe
belikan ya..mau enggak?”.
Kepireng
wangsulanipun kula wau, Teta lajeng kendel. Ngusap luhipun wonten ing
pangarasanipun, sanajan Teta tasih mimbik-mimbik manja sanget.
“Besok Pakdhe
belikan yang namanya celana kodok ya? Tahu enggak kamu?”.
Wangsulanipun
keponakan kula namung gedhek-gedhek. Boten mangertos napa niku ingkang naminipun
lancingan kodhok. Kamangka dhek jaman alitipun kula, lancingan kodhok punika
istimewa sanget. Saben lare menawi kepireng tembung lancingan kodhok saged
lajeng remenipun boten kanten-kantenan. Kathok kodhok dados favoritipun
lare-lare. Amargi menawi dipunagem kraos anget kaliyan boten mlorat-mlorot.
Kula lajeng carios
kangge keponakan kula babagan lancingan kodhok punika.
Sawatara carios
babagan lancingan kodhok, penggalihipun kula kelingan nalika jaman punika kula
kagungan lancingan kodhok ingkang enggal. Kula dolanan ingkling kaliyan para
kanca-kanca kula wonten dalem. Ananging, wonten ing tengah-tengahipun dolanan
ingkling, kula ngebrok (ngising wonten lancingan). Swantenipun
pret....preeet...preeet...preeeeeet..... lajeng gandanipun waaah....jan boten kanten-kantenan!
Kanca-kanca kula lajeng sami bengak-bengok:
“Oeeeeee, Letug
ngebrok! Letug ngebrok!” setunggal mboko setunggal kanca-kanca kula sami
mlajengipun kula kanthi nutup grananipun.
Kula namung saged
muwun amargi dipuntilaraken kanca-kanca kula. Kula ugi muwun amargi lancingan
kodhok kula ingkang enggal dadosipun reged.
Boten dangu, ibu
kula nyelaki, malah boten duka nanging gumujeng terus. Kula lajeng dipungendong
kaliyan dipunbeto wonten WC.
Kelingan pengalaman
wau, kula namung saged gumujeng piyambakan. Lancingan kodhok kula ingkang
enggal gandanipun boten enak, nanging kula saged pinanggih gumujengipun ibu
kula ingkang boten saged ical saking raosipun kula.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar