Wekdal semanten kula wiwit sekolah ing sekolahan enggal inggih menika SMP Islam Sultan Agung Jepara. Kados limrahipun murid enggal, kula radi bingung anggenipun srawung. Bab menika saking kathahipun kanca saha agengipun gedhung sekolah kang cacahipun wonten tigang dasa kelas. Ing sekolahan enggal, kula dipunpilih kanca-kanca minangka ketua kelas.
Satunggaling
dinten kelas kula dereng wonten gurunipun. Minangka ketua kelas, kula madosi Bu
Surtini minangka guru ingkang kedahipun ngisi wonten kelas kula. Wonten
sangajengipun ruang guru, kula pinanggih Pak Taryono guru Penjaskes ingkang
ngampu materi MOS. Nalika matur badhe madosi Bu Surtini, kula kadhawuhan mlebet
ruang guru. Pak Taryono nglajengaken tindak
tumuju dhateng lapangan.
Wonten
salebeting ruang guru, kula matur satunggaling Bu guru menawi kula madosi Bu
Surtini. Bu guru kala wau ngendika menawi Bu Surtini nembe ngasta. Kula lajeng
pamit tumuju kelas malih. Sareng dumugi kelas, kula radi bingung amargi sampun
wonten gurunipun ingkang mucal. Manah kula tambah bingung rikala kanca-kanca
sami gumujeng. Sareng kula lungguh, kula tanglet kanca setunggal meja bilih
ingkang mucal menika Bu Surtini, guru ingkang kula suwuni priksa kala wau
wonten kantor.
“Piye Mas
Aldi? Wis tepung karo Bu Surtini?”, ngendikanipun Bu guru dhateng kula. Kula
namung mesem menapa malih kanca-kanca anggenipun gumujeng sansaya sora.
“Mas Aldi,
mosok dereng mangertos dhateng gurunipun piyambak kamangka sabibaripun MOS kala
wingi sampun dipuntepangaken setunggal mbaka setunggal kaliyan Pak Kepala
Sekolah.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar