Senin, 30 Juni 2014

BOYOLALI


Nalika semanten, Kyai Pandhanaran dipunutus dening Sunan Kalijaga supados bebadra padhepokan mucal agama Islam ing tlatah Jabalekat. Lakunipun Kyai Pandhanaran dipunpenging  sangu raja brana. Kesahipun  Kyai Pandhanaran dipunkancani dening garwanipun. Nanging tanpa dipunsumurupi dening Kyai Pandhanaran, Nyai Pandhanaran sangu raja brana dipundhelikaken wonten  ing tekenipun. Nalika dugi ing sawijining panggenan, Kyai Pandhanaran dipuncegat dening rombongan begal tigang wong. Sanyatanipun Kyai Pandhanaran boten beta napa-napa,  pramila dipunutus nyuwun pirsa kaliyan Nyai Pandhanaran ingkang taksih wonten wingking. Sarehning ajrih pramila teken ingkang wosipun mas inten wau dipunparingaken begal. Banjur Nyai Pandhanaran nusul garwanipun lan matur babagan menapa ingkang nembe mawon dipunalami. Banjur Kyai Pandhanaran ngendika, “Ya wis besuk yen ana rejaning jaman papan kene arep dakjenengake salah tiga (Salatiga).”
Lakunipun Nyai Pandhanaran tansah kentun kepara radi tebih. Nyai Pandhanaran tansah sambat amargi dipuntinggal dening garwanipun. Penggalihe ngrantes menapa kakungipun sampun supe kaliyan Nyai Pandhanaran. Ngendikanipun, “Ki Ageng boya lali karo aku.” Amargi bola-bali dipunsebat asmanipun pramila Kyai Pandhanaran kraos penggalihipun. Papan wau banjur dipunsebat Boyalali, dangu-dangu dados Bayalali, banjur Boyolali.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar