Rabu, 25 Juni 2014

SANEPA, PANYANDRA, ISBAT, LAN CANGKRIMAN


 A.    Sanepa
Sanepa iku unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa tetandhingan, lan nduweni teges mbangetake kanthi nyurasa kosokbaline.
Tuladha:
Yen arep ngandhakake tatu sing kerep banget, disanepakake: tatune arang kranjang.
B.     Panyandra
Panyandra iku unen-unen memper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan lan ngemu teges memper. Tetandhingan iku lumereg marang kaendahan. Mula kang dicandra iku bab becike, lan mengku karep ngalem kaendhane, kayata: alise nanggal sapisan, bathuke nyela cendhani, bangkekane nawon kemit, lsp.

C.     Isbat
Kang diarani isbat iku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud raciking tembung kang ndhapuk ukara kang ngemu teges entar lan ngemu pasemon. Tembung isbat tegese katetepan, saemper paribasan. Tegese lumereg marang kawruh pilsapat lan pasemon, kayata: golek banyu apikulan warih, golek geni adedamar, nggoleki wekasaning langit, lsp.
D.    Cangkriman
Cangkriman iku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, surasane ngemu teges kang kudu dibadhe (dibadhek/dicape). Mula, cangkriman uga diarani badhean, bedhekan, utawa capean. Racikaning cangkriman iku ana kang adhapur ukara lumrah, lan ana kang sinawung ing tembung.
Manut wujud lan dhapukane, cangkriman dibedakake dadi telung warna, yaiku:
a.       Cangkriman kang adhapur rerakitaning tembung wancahan, kayata:
-          Wiwawite lesmbadhonge = uwi dawa uwite, tales amba godhonge.
-          Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tepak kebo amba, tepak ula dawa, tepak sapi ciyut.
-          Lut mahe ndhut, yu mahe rong = welut omahe ngendhut, yuyu omahe ngerong.
b.      Cangkriman kang adhapur rakitaning ukara kang ngemu surasa irib-iriban utawa pepindhan, kayata:
-          Gajah nguntal sangkrah = luweng
-          Pitik walik saba kebon = nanas
-          Sega sakepel dirubung tinggi = salak
c.       Cangkriman kang surasa blenderan utawa ateges plesedan, kayata:
-          Ana piranti ing dhapur yen ketiban cecak bisa mabur. Apa iki? Wangsulane: kalo (tulisan Jawa kalo yen diwenehi tandha cecak dadi kalong).
-          Ing sakdhuwure lawang ana cecake, nanging yen cecake lunga, lawange dadi kewan kang seneng wowohan. Kewan apa iki? Wangsulane: lawa (ing ndhuwure tulisan Jawa lawang pancen ana tandha cecake, dene yen tandha cecake ilang dadi lawa).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar