Purwakanthi
tegese aksara, swara utawa tetembungan sing padha ing sajroning ukara. Ing basa
Indonesia diarani persamaan bunyi utawa sajak.
Purwakanthi
kaperang dadi , yaiku:
1. Purwakanthi
guru swara yaiku purwakanthi sing padha swarane ing pungkasane tembung.
Tuladha:
a. Ora
ngedan, ora geduman
b. Ora
cepet, ora ngliwet
2. Purwakanthi
guru sastara yaiku purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben
wiwitan wanda utawa tetembungan.
Tuladha:
a. Laras,
lurus, laris, leres.
b. Bobot,
bibit, bebet.
3. Purwakanthi
lumaksita utawa guru basa yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane.
Tuladha:
a. Bayem
arda, ardane ngrasuk busana
b. Pandhu
suta, suta madyaning Pandhawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar