Wis kebur kena angin
barat
Keburan basa, keburan
busana, keburan tata
Kabeh sarwa tinampa
Kawur sadalan-dalan
paran
Tinemu sakabehe sira
Pancen bener, Jawa iku
nampa apa-apa
Nganti lali apa iku
Jawa
Byarpet kaya sentir
Murup yen sinumet
Mati yen kena banyu
Kabeh kelangan
pangaji-aji
Ajining dhiri...
Ajining raga...
Sapa kang preduli ???
Ngertine mangan enak,
ongkang-ongkang nampa bayaran
Yen ngomong sakepenake
udele
Yen nganggo ketok udele
Yen kesandung banjur
tiba sapa sing nulung?
Dudu desainer utawa
wong kang duwe andheng-andheng
Urip iku mung sakderma
aja gampangke lali
Solah bawane manungsa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar