(
Kapethik saka: Kumpulan Guritane Den Behi ing Tengah Wengi, Maret 2009)
Aku
iki wong jawa
Tedhak turune
Jayabaya
Uripku ing jaman
kang mardika
Esuk sore bengi
awan diajari basa
Anggonku sinau
kanthi kapeksa
Nganti saiki aku
ora bisa basa
Sinau basa kok nganggo dipeksa
Ora dipeksa wae isih ora bisa
Apa maneh nganggo dipeksa?
Sinau basa dipeksa
Budaya nulis dipeksa
Maca nulis dipeksa
Ngomong nganggo basa krama dipeksa
Ngono
kok njaluk bisa basa….
Sapa
kandha
Wong Jawa wae ngomong Jawa ora bisa
Wong manca malah pinter basa Jawa
Surakarta-Ngayogyakarta iku pranyata
Dadi seksi wong Landa
Kang padha nggegulang Basa Jawa
Seni, budaya, nulis, lan maca
Kabeh digegulang nganti bisa
Linambaran ati seneng ora kepeksa
Mulane wong Landa pintere
gluwihi kita
Sing duweni kabudayan tedhak
turune Jayabaya
Nanging ….
Kasunyatane kita ora bisa
Wong Landa malah sangsaya cetha
trawaca
Anggone padha nggubah lan nggegulang budaya
kita
Jan-jane aku getun
Malah sangsaya
bingung
Lha kok ora ….
Wong Jawa ilang
Jawane
Nanging ….
Wng Landa malah
njawani
Apa iki kang
diarani wolak-waliking jaman?
Embuh ora ngerti
Sing wigati ….
Wiwit saiki aku
seneng marang basaku dhewe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar