Senin, 30 Juni 2014

SEDHEKAH LAUT


Sedhekah Laut kalebet salah satunggaling tradhisi budaya Jawi ingkang mujudaken raos syukur dhumateng Gusti Kang Mahaagung, awit kita sampun dipunparingi asil laut ingkang cacahipun boten sakedhik. Pramila supados kita boten supe kaliyan peparingipun Gusti, saengga dipunwontenaken adicara Sedhekah Laut.
Adicara Sedhekah Laut menika dipunwiwiti kanthi arak-arakan utawi kirab, ingkang dipunarak inggih menika jolen ingkang cacahipun wonten wolu, ugi endhas sapi utawi endhas kebo minangka salah satunggalipun sesaji. Jolen lan endhas kebo menika dipunlebetaken ing tandhu saperlu dipunkirab saking pendhapa Kabupaten Cilacap tumuju pante Teluk Penyu, lajeng dipunbekta dhateng Pulo Mejeti kangge dipunlarung ing samudra.
Kirab jolen menika dipuniringi dening sapasang tiyang estri ingkang nitih jaran, barisan prajurit ingkang mbekta tombak, barisan umbul-umbul, putri dhomas cacahipun sekawan welas, putri pangiring cacahipun sekawan welas, prajurit ingkang mbekta jolen, lan kreta kencana titihanipun bupati Cilacap sekaliyan garwa sarta para pejabat sanesipun.
Adicara Sedhekah Laut menika ngantos samangke taksih dipunwontenaken dening masyarakat Jawi, mliginipun wonten ing Cilacap menika. Sedhekah Laut ugi kalebet salah satunggaling budaya Jawi, saengga kita sedaya kedah nguri-uri supados upacara adat menika boten kagusur dening kamajuaning jaman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar