Wyang
asale saka tembung Hyang / Yang kang
oleh ater-ater kuna wa, kang mengku
teges Roh. Banjur tuwuh pengeten: wayang yaiku roh kang tansah dipundhi-pundhi
amarga bisa gawe beja cilakane manungsa. (Animisme lan Dinamisme) iku pengeten
kang biyen, jalaran biyen, wayang iku piranti kanggo nganakake ritual agama.
(Ing Jaman Kraton Hindu Budha)
Banjur
ing jaman kabupaten anyar nganggep: wayang pinangka gegambarane watake
manungsa. Utawa wayang iku pinang pangajawantahane kapribadene manungsa. Mula ana
wayang kang raine abang: kang nggambarake watak brangasan, kesusu grusa-grusu,
tanpa sabaran, kaya ta Dursasana, Prabu Bala Dewa lsp. Ana uga kang raine
ireng, iku nggambarake watak kang luruh, ikhlas, sabar, kayata: Prabu Kresna,
Prabu Puntadewa lsp.
Wayang
ing jaman saiki wus owah, gunane mung kari ana loro: siji wayang punang
tontonan, maksude, kanthi nonton wayang mau uwong bisa antuk panglipur kang
bisa nyenengake ati. Loro, wayang pinangka tuntunan, maksude kanthi nonton
wayang wong mau bisa oleh wewarah, sesurupan, ngelmu kang murakabi tumrape wong
urip ana ngalam donya iki.
Yen
diamatake tekan, ing pewayangan iku mung ana swara dhalang cacah 4. Siji, kang
disebut Suluk: Klongkongan/tetembangan mirunggan adate nganggo swara “o” kanggo
nggambarake kaanan sadurunge kocap. Loro Anta wecana, yaiku gunemane paraga
siji karo sijine. Telu Janturan, yaiku nggambarake kaanan kanthi tetembungan
kang wus rinacik mligi sadurunge jejer sepisanan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar