Jasadmu yekti tan bisa kadulu,
mokal yen ta kagrayang,
sing cetha kowe pancen ana,
bukti nyatane:
gegodhongan padha obah,
lebu mabul-mumbul ing akasa,
O, angin ….
angin midhit sumilir,
akarya segering raga, ayeming nala,
angin uga dadi kabutuhane manungsa,
kanggo srana uripe ing jagat raya,
mung”ganda maruta” padha disirik,
disingkiri kanthi nutupi grana.
O, angin ….
nanging aja takon yen pinuju kurda,
wit-wjt gedhe padha rungkat,
omah-omah padha rubuh katrajang prahara,
nyebar kasangsaran,
panen kasusahan,
kang dumadi angluh ngrerujit ati
(kapethik saka: Djaka Lodang, 19 Maret
2005)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar