Selasa, 17 Juni 2014

AH... KAPOK TENAN AKU!


Terus terang, aku sengiiitt banget yen dipacok-pacokake karo Anita. Apa maneh, jarene, Anita katon seneng yen dipacok-pacokake karo aku.
Saka rumangsaku kanca-kancaku kuwi mateni pasaranku kanthi macok-macokake aku karo Anita. Lha witekna piye....? Wong sing daktaksir jane mono Etta kok! E.... malah Etta ya melu-melu madani aku. Apa ora ngerti yen sejatine aku ngesir dheweke? Nanging kon ngerti saka endi ya, wong aku ya ora tau kandha, mung nganggo ilmu kebatinan,! Tegese, satemene mono aku ngesir Etta nanging mung dakbatin thok!. Arep omong yen aku ngesir kok menga-mingkem. Ora tau waniii, wedi yen ditampik. Lha kok malah Etta melu-melu macokake! Dadine aku banjur kesuh, jengkel, mangkeeeel kae rasane. Mula sasarane ya Anita, lha sapa maneh! Yen lagi pasangan nari ing panggung aku mesam-mesem ketok serasi karo dheweke kuwi marga tuntutan koreografi, ujaring kandha the show must go on....,ngono! Ora kok amarga.
Aku seneng karo dheweke! Mula dheweke sering daksemoni kareben krasa yen satemene aku ora seneng karo dheweke. Malah yen kanca-kanca nggasaki aku nuju ana dheweke, aku nanggapi kanthi nylekit. Aku sok weruh dheweke mlengos, mbuwang praupane kang semu abang, karo ngempet tangis, mripate ketok mbrambang. Ayake bae serik atine, nanging ya wis ben! Wong aku gething kok!
“Andi....! Aja kaya ngono sikapmu....!” ngendikane Bu Yet, guru kesenianku, nalika pirsa ngepasi aku nyindhir Anita.
“Upama kowe ora seneng, ya ora apa-apa, ning....aja nylekit ngono kuwi! Suk yen kuwalik lha.....rasakna! ana unen-unen lho Ndi, gething....nyandhing lho!
Dingendikani kaya ngono mau aku tetep ora ngrewes malah njawani, “amit....amit...!” tembungku karo nuthuki pinggiran meja kantin.
Embuh pira suwene aku digasak-gasaki kanca-kanca, nanging suwening suwe ora ana maneh swara kang nggandheng-nggandhengake jenengku karo Anita. Embuh amarga wis bosen, embuh karana reaksiku kang nyengit, embuh Anita kang jaluk kanca-kanca aja ngreridhu aku. Embuh ora urus...!
Sing mesthi kudune atiku lega, aku duwe kalodhangan kanggo nyedhaki Etta. Nanging kok ora....!
Kepriye olehku arep nyedhaki Etta wong dheweke malah runtang-runtung karo Harmein? Menyang perpus...cah loro, menyang kantin...cah loro, malah kepara sruput-sruputan es barang. Bali sekolah ya boncengan. Aku mung kethop-kethop nyawang karo mesem kecut. Ya iki asile...nganggo ilmu batin kuwi mau. Seneng kok dibatin, sapa sing ngerti?! Entek-entekane kedhisikan liyan.
Ah...aku kok ngrasa sepi nang ati. Kaya ngene ta rasane seneng kang ora oleh kawigaten? Jare basa Indonesia “bertepuk sebelah tangan”? aku kok banjur rungon-rungonen swarane kanca-kanca lan polahe yen dhong mbebeda aku. Aku uga ketok-ketoken praupane anita kang semu abang ngempet tangis. Anita...Anita! Apa biyen kowe ya ngrasa kaya ngene iki?
Yen dakgagas-gagas, Anita kuwi sakjane ya ora elek, kok, malah kepara manis! Yen mesem dhekik pipine. Mung bae yen ngguyu....mripate ilang, lha wong sipit!
“Anita kuwi bocah apik, aja mbok enyek ngono kuwi...! Ora seneng ya uwis, meneng....aja kakehan omong. Melas Anita!” ngono ngendikane Bu Yet biyen.
Biyen....? Kapan ya...? Wah iya, ora krasa wis meh setahun kepungkur. Sedhela maneh siswa kelas III ujian akhir, banjur perpisahan kaya adat saben perpisahan iku mesthi nganakake gelar kesenian.
Kaya-kaya kok Bu Yet lagi nyiapakesendratari Rara Mendhut-Pranacrita. Dakwanek-wanekake matur manaa paraga Pranacitra daksuwun awit aku ngerti yan Rara Mendhut bakal diparagakake dening Anita). Aku wani matur jalaran aku iki salah sijining penari putra kang apik (jare kancaku lho, ning tenane pancen iya....!
“Pranacitra? Ora Tumenggung Wiraguna bae...?Kenangapa?” Pandangune Bu Yet karo mirsani aku. Aku dadi rada kacipuhan.
“Pranacitra kemawon. Anu...dalem...remen cariyosipun” aku dora.
“Seneng critane....,apa seneng....?” pandangune karo mesem sajak wis pirsa aten-etenku.
“Inggih....inggih...leres...” wangsulanku ngempet isin.
“Lha mengko yen dipacokake maneh karo Anita piye? Mengko kowe gek nesu...?! mesakake Anita, ta?”
“Saestu....dalem remen kok! Leres ngendikanipun Bu Yet, Anita punika lare sae....”
“Tenan kuwi...?”
“Inggih...!” wangsulanku karo manthuk-manthuk kaya Woody Woopeacker nuthuli kayu.
“Mula ta....nang! tutuk kuwi dijaga. Aja waton omong, nanging ngomonga kang waton. Biyen kowe yen ngomong...nglarakake usus, saiki kowe seneng...njur kepriye olehmu nyedhaki, hara...?”
“Inggih kanthi sendratari punika, Bu.....” Pangangkahku, aku arep nyedhaki Anita salawase wektu gladhen. Pancen nyata yen Anita iku bocah apik. Ing atase biyen aku nyengit, nanging saiki dheweke, ora tau ngatonake praupan besengut utawa menjap-menjep amarga tau daklarani atine. Bokmenawa bae pancen dheweke mambu ati marang aku.
Pentas seni ing bengi kuwi sukses tenan. Aku lan Anita dadi pasangan kang harmonis. Anggone maragakake lakon kanthi dihayati tenan, mula keploke para rawuh mbata rubuh. Aku marem banget. Atiku bungaaaaah buaaanget!. Aku kudu ngaturake panuwunku, maewu-ewu panuwunku katur Bu Yet kang wis maringi kalodhangan kanggo aku pepasangan karo Anita. Tekadku, aku kudu wani omong karo Anita, aku ora kena botan-batin bae maneh. Tekadku, wengi iki, lebar pentas Anita arep dakterake mulih.
“Matur nuwun ya Ndi, aku bali karo mas Anto, kok!” mengkono wangsulanenalika daktari arep dakterake melih. Mas Anto kuwi mase pembarep.
“Mengko daktembunge mas Anto, ya....? gelem ya dakterake mulih?”
“Matur nuwun, aku mulih karo mas Anto bae. O....ya, Ndi! Aku diapurani ya?!”
“Diapurakepriye...?”
“Kowe rak sengit banget ta karo aku, amarga kanca-kanca padha macok-macokake kowe karo aku. Aku ngerti kok Ndi, yen mboksemoni kae! Nanging kepriye ya...dudu karepku, kok Ndi...! Lha,....sesuk-sesuk yen dipacok-pacokake maneh gara-gara pentas iki, kepriye...?”
“Wis...ra sah digagas! Sing biyen ben biyen! Aku senneg kok An, yen dipacokake maneh...!” kandhaku nekad dakwanek-wanekake, kanthi pengarep-arep sedyaku bakal kabul.
“Aku dingapura ya Ndi....”wangsulane mesem. Rumangsaku kok manis temen eseme....
Jaket kang semampir ana kursi dianggo, tase kang nggetheyot kebak saline dicangklong, banjur maran mas Anto kang wis ngenteni ing ngarep gapura sekolahan
Payawangku tansah ngetutake lakune. Anita nganggo helm, teruis nyengklak boncengan. Ko....sik! bener nyengklak boncengan, nanging dudu pit motore mas Anto, ya tanggaku sa RT!
Aku dheleg-dheleg, nggetuni wektu-wektu wingi uni. Aku biyen gething...nanging kok saiki ora nyandhing, ya...?
Tamu-tamu wis padha kundur kabeh. Lampu aula uga wis mati. Kari Pak Pian kang arep nggembok lawang gapura.
Aku, Andi bocah bagus kang sarwa bisa, wengi iki kijenan....ijen ing plataran, ya.....ijen ing ati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar