Selasa, 17 Juni 2014

TANDHA


Yen Gusti wis ngijabahi
Tandha-tandha jaman saiki
Apa ora kok titeni?
Hee manungsa...
Saiki wis cetha wela-wela
Kowe murka
Kabeh iku mbok gawe dhewe
Jiwa raga mu bakal cidra
Kiamat bakal teka...
Banjur....
Apa sing bakal kok gawa sangu ngadhep?
Tandha-tandha iki saya cetha
Apa ora kok titeni?
Bumi gonjang-ganjing
Gawe moyag-mayiging dhiri trusing ati
Urip iku kudu dilakoni
Dilakoni kanthi laku
Laku lakoning lelakon kalakona kalakone
Tandha-tandha jaman iki wis saya peteng
Apa ora kok ngerteni??

Tidak ada komentar:

Posting Komentar