Selasa, 24 Juni 2014

UPACARA TEDHAK SITI


Tedhak siti utawa tedhak siten saka tembung tedhak yaiku mudhun, lan tembung siten saka siti yaiku lemah. Tedhak siti mengku teges mudhun ing lemah kanggone bocah umur pitung lapan utawa wolung sasi punjul limang dina. Upacara mudhun lemah sepisanan kanggo bayi iku tujuane supaya bocah mau bisa mandiri lan nglewati alangan apa bae ing uripe. Tradhisi saka Kraton Mataram kuna iki, nganti seprene isih dipepetri.
Ubarampene upacara tedhak siti yaiku: ing papan kang wis digelari karpet, cumawis andha cilik digawe saka tebu wulung. Gemblong cacahe pitu rupane abang, putih, ireng, soklat, ijo, kuning, lan wungu. Pari sing isih ana gagange saombyok. Kapuk randhu sedhompol. Dhuwit receh komplit saka satus nganti sewu rupiah. Klasa pandhan, kembang setaman diwadhahi baskom, beras segegem, lan bumbu pawon. Ora kena keri sato kewan awujud pitik lan bebek, kurungan, piranti tulis, sarta piranti makarya.

Wondene Tata Rakite yaiku:
1) Putra kang digedhong Ibune, didhunke lan ditetah ngliwati gemblong werna pitu. Bab iki pralambang menawa yen mbesuke bakal nemoni alote donya lan maneka warna pepalang. Werna gemblong iku ateges werna-werna pepalang ing kauripan. Dene pitu kuwi ateges pitulungan.
2) Kanthi isih ditetah, putra mau diunggahake menek andha. Pamrihe munggah drajat lan nggayuh panjangka sing luhur. Dene tebu mono jarwa dhosoke antebing kalbu utawa atebing ati. Tekan dhuwur mandheg sedhela saperlu nyawang jagat gumelar sarta kaanan sing diadepi.
3) Sawise mudhun saka andha banjur nyedhaki pari, kapuk lan dhuwit receh. Karepe, yen bisa ngrampungi perkara bakal nampa karaharjan. Pari gegambarane pangan, kapuk gegambarane sandhang, dene dhuwit receh pratandha asil kanggone makarya.
4) Nuli dilebokake kurungan ateges dunya, banjur lungguh ing klasa pandhan nggambarake kudu sregep tapa utawa semedi. Nyuwun ing ngarsane Gusti supaya kasembadan sedyane. Ing jero kurungan mau cumawis piranti sekolah kayata buku, bolpen, lan ana uga piranti makarya kayata suntikan munggah dadi dokter lsp. Putra kuwi bisa milih piranti-piranti kuwi pralambang gegayuhanne ing dunya.
5) Sawise kurungan dibukak, eyang kakung lan bapak nyebar udik-udik, yaiku dhuwit receh sing dicampur maneka werna kembang. Ngemu teges supaya putrane duwe sifat dermawan, rejekine lancar. Banjur putra ditetah nuju latar nyepaki pitik lan bebek. Karepe mbesuk ora mung ngreksa rakyate, nanging uga ngopeni kewan ingon-ingon.
6) Banjur marani baksom isi kembang ssetaman kanggo siram. Supaya putra kuwi bisa duwe jeneng sing arum, bisa nggawa jeneng apike keluarga, agama lan migunani tumrap masyarakat.
7) Ingkang pungkasan putra di dandani busana sing apik, ngemu teges bisa ngadepi urip kanthi apik lan nggawe mongkog keluarga.
Upacara ditutup kanthi putra disalam-salamake marang para sesepuh, para sanak kadange, sarta para tamu, saperlu nyuwun pangestu amrih kasembadan kabeh sedyane. Banjur diterusake dhahar kembul.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar