Wancine
wis lingsir wengi,nalika aku mudhun saka bis jurusan Surabaya – Tulungagung.
Wissuwi banget aku ora mulih. Saiki kabeh aku wis ganti sesawangan. Dalan-dalan
sing tak liwati mau wis aspalan hotmik, maklum dalan propinsi. Desa kelahiranku
manggon ing Tulungagung sisih kulon, keliwatan dalan menyang Trenggalek lan
Ponorogo. Malah prapatan Jethakan ngalor wis peni kanthi kekembangan kang
misahake jalur kiri kanan.
Sepuluh
taun luwih anggonku ngumbara, lagi bisa ngejawa. Senajan Jawa- Sumatra saiki
wis dudu jarak sing adoh maneh., ning kanggoku sing mung pegawe cilik ya
mbutuhake dhuwit. Apa maneh wis kegandholan batih. Budhalku menyang lampung
ndhisik sesasi sawise aku rabi karo Rini. Masku misanan ngabari yen dheke
sanggup nggolekke gawean guru kanggo
aku. Najan kanthi udan tangis saka mara tuwa wadon lan mbokku aku tetep budhal.
Maklum aku anak tunggal, dene bojokun iya siji-sijine anak wedok.
Suwarane
maratuwa lanang lan ipeku nggilikage tekadku. Dak akoni aku mung nyambutgae
ngelesi lan mulang sekolah swasta. Senajan lumayan ning oranjamin masa depan.
Iku kangnjalari tresnaku marang Rini nemoni tantangan kang abot.
“Pak
rumah mbah masih jauh ya?” takone Dhita anakku sing cilik. Aku njenggirat. Lagi
kelingan kudu njujug ngendi. Sasuwene iki aku rang banget sesambungan karo
keluargane bojoku. Ning arep njujug omahe mbokku gek mengo marahi Rini gelo.
Amarga mulihkuiki saliyane arep mantenane ipeku ragil, yamerga ibune njaluk
bojoku mulih. Nek mbokku ngono ora masalah. Nadyan mung bakul janganan wawasane
jembar.
‘Sebentar
lagi dhik, nanti di rumah Eyang adhik bisa main sama kakak,” jawabe Rini sareh.
Aku ambegan landhung ateges bojoku karep njujug omahe wong tuwane. Tembung
“Eyang “ iku kanggo mbahe saka wong tuwane. Dene marang mbokku bocah-bocah
biasa nyeluk’ mbah’. Anak-anakku pancen sering sesambungan karo mbahe senajan
mung liwat telpun. Aku meneng wae karo nata ati,nadyan mung kesel ya rumangsa luwih apik meneng.
“Eyang rumahnya ada kebunnya nggak Ma?” sambunge Adi, anakku mbarep.
“Ada
Mas, yang penting nanti istirahat dulu,” nyambungku lirih nyoba nguwasani
kahanan.
“Prapatan
Cuwiri ngilen, Pak!” yen menyang omahku isih terus ora menggok ngulon. Rini lan
aku pancen tangga desa. Dhewekke adhik kelasku ing SMP. Rini nggegem tanganku
senajan ora rembugan aku ngerti karepe. Aku wis apal karo aten-atene, ana
panjaluk kang ora kocap. Lawang omah iku isih kuncian rapet, nalika aku sbrayat
teka. Anakku mulai unyeg. Aku ndodog
lawang kanthi dheg-dhegan. Kelingan nalika mbokku nglamar Rini lan nampa
pangina kang isih tumajem nganti saiki. Amung tangise Rini lan panyurunge ipeku
sing saiki arep dadi manten, kang njalari mantenanku kaleksanan. Wong lanang
iku katon tuwa, anakke wedok terus dirangkul keket. Rini nangis ngguguk. Krungu
rame-rame mertuwa wadon metu. Putune diambungi siji-siji. Pancen wiwit lair ya
lagi iki ketemu. Beda karo mbokku, kang merlokake teka nalika putu-putune lair,
bebarengan karo masku misanan kang lagi endhang mulih njawa. Aku ngambung
tangane mara tuwaku lanang wadon, lan usung-usung gawan mlebu omah. Anak
–anakku katon kesel. Aku mulai kuwatir yen rewel. Bojoku tak jawil,lan memburi
nyepakake pirani adus. Sing gedhe nginthil eyange putri kang rampung nyepakake
kamar. Aku jagongan bawa rasa karo mara tuwaku lanang.
Wengi
terus lumaku,anak lan bojoku wis turu nglipus amarga kesel. Nganti parak esuk
aku ora isoh turu. Wong tuaku wadon wis tak telpon lan mrayogakake anak bojoku
lerem dhisik. “Neng kono karo nang kene padha wae.” kandhane naliko aku kandha
ora bablas ngalor.
“Rumah
mbah Uti masih jauh dari sini, Bu?” takone anakku mbarep marang ibune. Aku
ethok-ethok ora krungu.
Watara
jam sanga esuk. “Pengin ke tempat Uti, yo eyang kung yang antar....” kandhane
maratuwa lanang ngagetake. Alon-alon aku ngadeg mara tuwa lanang nyandhak kunci
mobil,aku tutwuri. Rini mung mandheg tanpa kumecap. Aku nahan dhiri karo
nguwasani kahanan. Bocah-bocah ngetutake eyange karo nglunjak-nglunjak seneng.
Dhasar bocah! Rini nyusul mburiku karo nyangking oleh-oleh kang wus dicepakake
sadurunge, aku mung mesem antri munggah kendaraan lan mrenah-mrenahke
bocah-bocah. Sing gedhe njaluk sandhing kakunge, sing cilik melu ibune. Mara
tuwaku wadon nyawang saka kadohan karo kaca-kaca.
Jaya Baya no. 11 Minggu III Nopember 2009
Tidak ada komentar:
Posting Komentar