Prabu Ramawijaya sekaliyan karo
garwane yaiku Dewi Sinta, lan rayinipun, Raden Lesmana tindak badhe lelana sajroning alas Dhandhaka. Dumugi ing wana Dhandhaka, tetiganipun kapanggih Prabu Rahwana, ingkang kepincut kalih Dewi Shinta. Kangge mujudake kepenginane,
Rahwana ngutus salah satunggal raseksa naminipun Marica malih rupa dados kidang kencana, supados saged nyulik Dewi Shinta. Marica menika inggih rayinipun Prabu Rahwana kang nggadhahi watak ala. Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud
dados kidang kencana, kidang elok ing warni asisik emas, endah ngelam-elami,
ngengreng merak ati.
Lajeng Kidang Kencana wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga.
Dewi Shinta sumerep wonten kidang ingkang elok ing warni, lajeng nyuwun Rama
supados nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami lan gawe manah kepincut.
“Dhuh Raden, pangayoming jiwa - raga kula.
Ing sangajenging netra wonten kidang kencana ingkang elok ing warni. Inggih nembe sapisan menika kula sumerep wujuding kidang ingkan gulesipun kencana. Mendah senenging manahing salebeting wana ingkang bawera menika,”
aturipun DewiShinta.
“Tresnanipun kakang marang sliramu tanpa pepindhan. Labuh tresnaku marang sliramu,
saiki uga bakal dakwujudake pepenginanmu. Kidang kokkarepake bakal dakcekel. Mula lilanana pun kakang linggar saka pakuwon,” ngendikanipun Raden Rama dhumateng garwa.
Lajeng kidang kencana dipun tut wingking dening
Rama. Kidang nebih, nanging Rama ngetut malih. Kidang mlayu saya tebih,
lan ndadosaken Raden Rama sudaka sabaranipun. Raden Rama
lajeng menthang gendhewang lepasaken jemparing. Kidang kapanah, kenging cumeprot. Kidang kasil kapanah lan malih rupa
dados raseksa. Salajengipun Rama
perang tandhing kalih raseksa wau.Raseksa ingkang sampun njelma dados
kidang kencana menika kasil dipun perjaya Rama ngangge panahipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar