Rabu, 25 Juni 2014

AMARGA SALAH KRUNGU


Iki pengalamane kancaku kang aran Jati Nugroho. Nalika iku ngepasi pengetan pitulasan. Ing desane, Pucung, Taman Martani, dianakake tontonan werna-werna. Ana dhagelan, tari, drama, lan nyanyi. Dheweke kebageyan, nyanyi solo amarga dheweke bisa main gitar.
Dheweke pilih tembang manca kang jinise akustik, amarga ora diiringi alat musik liyane. Mula dheweke nyanyekake tembange “Nirvana” kang akustik mesthine cocog. Nalika iku, MC ne pancen pemudha ndesa kang, nuwun sewu, isih katro’ banget. Ora pati ngerti basa Inggris apa maneh tembang-tembang saka negara manca.
Nalika ngundang jenenge Jati, MC ne wis aweh wara-wara, “Yap! Iku mau penampilan saka paguyuban “Tiba Rendheng” kang wis ngaturake drama, “Andhe-andhe Lumut”, Saiki gilirane penampilane Mas Jati Nugroho kang bakal asung tembang kanthi iringan gitar solo, kang judhule…………”.
Dheweke banjur mengo madhep nggon Jati, karo bisik-bisik takon, “Apa Mas, judhule?” Jati wangsulan kanthi bisik-bisik uga, “Lagune Nirvana, “About A girl”. (Yen diwaca kanthi fasih / cepet : ebautegal).
Kanthi PD lan swara banter, MC ne mbengok, “Ayo, padha dimirengake tembange Mas Jati Nugroho kanthi judhul : “Apa Tegel?!”
Lho! Jati mung mlongo. Lah, kok dadi kaya judhul tembang Campursari? Piye iki? Bisa dibayangake reaksine penonton, lho wong judhule campursari, bareng dirungokake jebul tembang manca.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar