Dening: Pawit Mulyadi
Lali, pancen ora kelingan
yen kelingan, mesthi bae ora lali
sapa wonge kang takon ora bakal maido
yen
diwangsuli nganggo tembung iku
paling
among dipaido amarga lali
tembung
siji iku pancen lagi peng-pengan
ora
amung wong cilik kang ngucapake,
supaya ora disrengeni ndara utawa
pangarsane
punggawa uga lagi dhemen ngucapake
apamaneh kang lagi kasangkut perkara
gedhe
tanpa isin
tanpa wigih-wigih
tanpa tedheng aling-aling
entheng bae ngucapake tembung iku
kamangka katon yen praupane dadi
nyleneh,
kaya… ora tega … ditutup
nalikane ngucap tembung iku
lali aja diowahi dadi dilelali utawa
dilali-lali
yen wis dhemen ngucap tembung iku
mengko mundhak dadi lalenan temenan
temenan dadi mitrane kang ora klambenan
mlaku ngunclug turut pecinan….
(Kapethik
saka: Panyebar Semangat, No. 53, 31 Desember 2011)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar