Senin, 30 Juni 2014

DUTA PALWAGA


Anoman banjur eling karo wektu sing dadi kesaguhane. Nganti titi wanci iku wis sedina setengah wengi waktu sing dibutuhake. Kurang setengah wengi maneh kudu bisa ngrampungi gawe. Yen iki mengko wis kasil matur ana ngersane Dewi Sinta, isih kudu naliti kekuwatane praja Ngalengkadiraja. Kamangka dheweke ora kena grusa-grusu. Kudu bisa ngerteni, Dewi Sinta temen-temen isih setya karo Prabu Bathara Ramawijaya apa ora.

Dumadakan Anoman krungu Dewi Sinta lagi wawan sabda karo Dewi Trijatha. Mula senajan lagi ndhelik ana pange wit nagasari, dheweke masang pangrungone amrih bisa ngreteni apa singlagi padha dirembaug.
“Trijatha kae mau kaya ana kreta mandheg sacedhake taman. Bengi-bengi kok ana kreta nyedhaki taman, kretane sapa Trijatha?” pandangune Dewi Sinta marang Trijatha.
“Nuwun inggih uwa Dewi, kreta kalawau menawi boten klentu kretanipun punggawa ing Ngalengkadiraja ngriki. Mbokmenawa nindakaken ayahan wajib tunggu kenit njagi katentreman ing salebeting kedhaton ngriki”, ature Dewi Trijatha.
“Trijatha, sliramu kok tansah nguwuh uwa dewi marang aku, apa miturut pamawasmu aku iki pantes dadi garwane wakmu prabu ta Trijatha? Kamangka aku iki wanita sing wis diwengku priya, garwaku Raden Ramawijaya”.
“Punapa uwa dewi saestu boten kersa kagarwa kaliyan uwa Prabu Dasamuka? Kamangka uwa Prabu Dasamuka punika narendra sugih bandha bandhu. Kenging punapa uwa dewi boten kersa?”
“Mesthi bae aku lumuh dadi garwane wakmu prabu, awit aku tansah ngugemi kasetyanku marang garwaku. Apa maneh wakmu prabu iku ratu angkara murka, ora duwe suba sita. Isih eling wewentehan trekahe wakmu prabu sing degsiya ndhusta aku kanthi rinudha paripeksa. Kanthi wengis misahakeaku klawan garwaku kakangmas Ramawijaya. Dhuh Trijatha mendah kaya ngapa dhuhkitaning penggalih kakangmas Rama. Mung sing dadi ruweting pamikirku, apa sebabe nganti sawetara wektu kakangmas Rama durung teka ing negara Ngalengka saperlu ngrebut sariraku saka tangane Prabu Rahwana. Apa kakangmas Rama wis lali karo aku ya Trijatha?”
“Dhuh uwa dewi, kala emben paduka uwa dewi ngendika bilih garwa paduka Raden Rama punika satunggaling satriya ingkang setya dhateng garwa. Wontenipun dereng rawuh ngriki saperlu ngrebat paduka, mesthinipun taksih kathah pepalangipun. Jer negari Ngalengka punika ngrekaos dipun celaki. Negari Ngalengka punika kinupeng seganten ingkang ageng ombakipun. Gisikipun dipun jagi dening punggawa raksesa ingkang racakipun sekti mandra guna. Pramila uwa dewi kedah kagungan penggalih sabar”.
“Trijatha, sira iku wanita isih mudha kok wis jembar temen wawasanmu. Nanging dadiya sumurupmu, Trijatha. Senajan kaya ngapa kersane Prabu Rahwana, aku suthik kapundhut garwa. Aja maneh kapunduht garwa, yen nganti kesenggol kulitku bakal dak beset nganggo cundrik iki. Malah yen kepepet tinimbang nganti nyuda kasetyanku marang kakangmas Rama, luwih becik aku suduk salira”.
Anoman krungu wewentehan apa sing dingendikakake Dewi Sinta. Jroning ati banget anggone ngrumati marang kasetyane Dewi Sinta. Iki mengko bisa dadi atur ana ngersane Prabu Bathara Ramawijaya kaya ngapa kasetyane Dewi Sinta marang Prabu Ramawijaya.
Dumadakan Anoman krungu swara lawang mburi didhodhog kanthi rosa, kaseling swara banjur ngagor-agori njaluk supaya lawange dibukak.
“Trijatha... Trijatha... bukaken lawange cah ayu”, swara gedhe ngagor-agori mecah sepining wengi.
“Nuwun inggih wa Prabu, sekedhap badhe kula bikak...”, wangsulane Trijatha karo mlayu nyedhak lawang pungkuran.
Trijatha banjur mbukak lawang. Ana pawongan gedhe dhuwur apaes raseksa mlebu menyang jroning taman. Nitik busanane genah iku ratu negara Ngalengkadiraja, sing jejuluk Prabu Dasamuka ya Rahwanaraja.
“Dhuh wa Prabu, kenging punapa rawuh ing taman miyos kori pengkeran wa Prabu?” pitakone Dewi Trijatha.
“Iya Trijatha, aku mlebu liwat lawang pungkuran wigatine kepengin mangerteni apa ora ana pawongan liya jroning taman iki, kejaba kowe klawan wak mu Dewi. Yen nganti ama wong liya, luwih-luwih wong lanang, luwih-luwih wong lanang iku Rama, aja takon dosa bakal dak tugel gulune”, ngendikane Prabu Dasamuka kanthi panyawang wengis.
“Sampun kuwatos wa Prabu, boten badhe wonten priyantun saged mlebet salebeting taman Harga Soka tanpa palilah saking paduka wa Prabu. Menawi wonten pawongan badhe mlebet taman badhe kula unduraken. Ewadene nekad kenging kemawon mlebet taman Harga Soka sauger saged nglangkahi kuwandhanipun Trijatha”, ature Trijatha canthas.
“Ooo Trijatha bocah ayu ha ha ha... sira ora ngilang-ilangake dadi putra pulunane Prabu Dasamuka. Bagus, bagus, ya kaya ngono sing dijaluk. Kowe temen-temen bisa njaga keslametane calon garwaku Dewi Wara Sinta. Samengko kepiye Trijatha, apa wis kasil anggonmu ngarih-arih wakmu dewi amrih gelem dak pundhut garwa”.
“Boten kirang-kirang anggen kula ngreripih amrih kersa kapundhut garwa. Nanging sewu gunging kalepatan nyuwun agunging pangaksami, ngantos titi kalenggahan punika uwa dewi dereng kersa kapundhut garwa”.
“We lha keparat, kepiye kowe kuwi Trijatha. Seprana-seprene dak percaya dadi lantaran pamundhutku durung bisa ngentasi gawe. Tiwas mau dak alembana sundhul langit jebul mak plempus durung bisa ngentasi gawe. Yen ngono luwih becik aku dhewe sing arep nganteb karepe Dewi Sinta”, ngendikane Prabu Dasamuka kanthi wadana mangar-mangar nnahan kanepson.
Mlaku gegancangan nyedhaki Dewi Sinta kang lenggah mari kelu nahan panelangsane penggalih. Ora kari patrem ligan kaasta ing asta tengen, sumadya katuwegake dhadha kalamun ana tumindake Prabu Dasamuka sing murang tata.
“Dhuh nimas pepujane punkakang wong ayu Sinta... mbok aja lelewa. Papagna praptane pun kakang kanthi pasuryan sumringah, dimen cetha yen ayuning pasuryanmu tulus jroning kalbu. Dak upadi salumahing bumi sakurebing langit, wanita titisaning Widawati kang ora liya sliramu iku yayi. Mula nganti dak rewangi ngobak-obak samodra, ngosak-asik wana wasa, barang mlumah dak kurepne barang murep dak lumahne saperlu ngupadi sliramu wong ayu. Nanging yagene saben-saben aku prapta ing sangarepmu, ora dipapag kanthi esemu sing pait madu. Sinta, mara matura kanthi walaka, yen semaya pira lawase yen nyuwun bebana apa panyuwunmu, waton kawetu tembungmu gelem sun pundhut garwa”, gemleger swarane Prabu Dasamuka. Anoman melu gemeter krungu swara mau, nanging dheweke ora kepengin grusa-grusu.
“Rahwana, ratu angkara murka kang datan weruh suba sita. Aja pisan-pisan darbe pangajap praptamu dak sugata ulat manis. Dhestun yen nganti cilik nggepok kulitku gedhene ngrudaparipeksa, ora dak eman patiku. Aklas lair batin suduk salira tinimbang kudu nuruti panjalukmu. Iba nisthaning uripku kalamun aku kudu manut nglanggati sing dadi karepmu, kamangka ing papan liya garwaku satriya Rama lagi ketula-tula ngupadi saliraku. Ora ana kekuwatan apa bae sing kuwawa misahake ragaku klawan garwa kinasih satriya Rama, sing dak bekteni wiwit ing janaloka prapteng delahan”, wangsulane Dewi Sinta.
“Wadhuh-wadhuh ha ha ha... senajan sengak tembungmu, nylekit wiramaning wicaramu, nanging mungguhing atiku kaya nemu emas sagunung sliramu gelem mangsuli pitakonku. Sinta, bandha Ngalengkadiraja bakal dak suntak marang sira yen wis kelakon dadi garwaku. Kepengin nganggo binggel sajagung-jagung, kalung sandhadhung gajah, sing kabeh mau ginawe kencana wungkulan bakal dak paringake. Nanging yagene semono uga sing dadi antebe atimu. Pendhak dak sedhaki tansah nggegem cundrik ligan sengadi kanggo suduk salira”. Mangertiya heh Sinta, upama gelem ngrudapeksa, wis wingi-wingi aku nindakake. Nanging sedyaku mengku sira iku ora mung kanggo senenging ati linambaran gedhening kamurkan babar pisan ora. Ngelingi sira iku titising Dewi Widawati, bakal sun pundhut garwa kanthi becik-becik, dimen kawibawanku, satemah kacek sapepadhaning titah. Sapa darbe garwa ayu titising Widawati, kejaba Prabu Rahwanaraja narendra agung negara Ngalengkadiraja. Ora jeneng ngayawara, yen sira njaluk bebana supaya aku ora mangan setaun waton kelakon mundhut garwa sira mesthi bakal sun turuti”, Prabu Rahwana getem-getem meruhi Dewi Sinta sing tansah mungkur karo nyekel patrem ligan.
“Trijatha... Trijatha...”, Prabu rahwana ngundang Trijatha.
“Kesinggihan dhawuh wa Prabu...”, gita-gita Dewi Trijatha matur karo sown ngersane Prabu Rahwana.
“Yen pinuju mung wong loro, sira nate jejagongan karo wakmu Dewi apa ora Trijatha?”
“Inggih asring wa Prabu”.
“Yen pinuju rerembugan apa tau ngrasani karo keparat Rama?”
“Boten nate wa Prabu”, aature Dewi Trijatha dora.
“Temenan?!”
“Saestu wa Prabu, malah menawi kula nyuwun pirsa namung mendel kemawon. Boten kersa ngendika”.
“Awas Trijatha, yen goroh aturmu aku ora wigah-wigih aweh paukuman abot marang jeneng sira. Kelakon aku ngreti sira goroh marang pun uwa, dak tugel gulumu, Trijatha”.
“Adhuh wa Prabu... wa Prabu, paduka punika kados pundi. Badhe mundhut garwa pepethinganipun wanita kok kanthi patrap degsura kados ngaten. Kedahipun paduka wa Prabu ngetingalaken watak satriya saha sabar drana, amrih wa dewi kagungan manah lila legawa nampi kersa paduka”.
“Trijatha, mau wakmu Dewi Sinta kawetu tetembungane yen wegah nglanggati kersaku. Kok sira darbe atur amrih aku kudu sabar, apa isra darbe kapitayan menawa wakmu Dewi Sinta bakal kersa nglanggati sig dadi kersaku. Kepiye panemumu Trijatha?”
“Mekaten wa Prabu, kanjeng uwa dewi punika sejatosipun kersa minangkani pamundhut paduka. Namung kemawon uwa prabu ingkang kirang tanggap ing kersanipun kanjeng uwa dewi. Menawi uwa prabu kersanipun badhe mundhut garwa uwa dewi kanthi kangge kamulyan saha kawibawan, pramila kanjeng uwa dewi ugi kagungan sedya makaten. Pramila kangge punika kanjeng uwa dewi ngathah-ngathahaken anggenipun prihatos. Nyuda dhahar saha sare, dangunipun kawandsa dinten. Pramila uwa prabu kedah sabar ngentosi kawandasa dinten malih. Makaten lho wa Prabu”, ature Trijatha.
“Bener aturmu Trijatha?”
“Leres wa Prabu, kula aturi percados kaliyan kula wa prabu”.
“Dadi sawise patang puluh dina Dewi Sinta gelem nuruti kersaku?”
“Inggih wa Prabu”.
“Ha ha ha... sira pancen pulunanku sing ayu dhewe Trijatha... Trijatha. Ya wis yen wakmu dewi semaya patang puluh dina bakal dak enteni kanthi sabar. Yen ngono reksanen kanthi becik wakmu dewi ya ngger, aku dak bali maring kedhaton”, Prabu Dsamuka banjur pamit ninggalake taman Harga Soka. (Ana Candhake)
Panjebar Semangat No.24-16 Juni 2012 kaca 31-32 lan 54

Tidak ada komentar:

Posting Komentar