Upacara
tradisi sekaten minangka aset budaya dhaerah nganti saiki isih ajeg dipengeti
dening saperangan gedhe warga kutha Solo. Ngamot crita rakyat sing nglandesi
pegelarane. Kaya sing dicritakake dening GPH Puger ing bukune Sekaten (2002), tradisi
sekaten ing kraton Kasunanan Surakarta dipurwakani adeging keraton Islam kaping
pisan, yaiku Demak, Ratune kang asma Raden Patah ngersakake nyiarake agama
Islam sajroning negarane, sesandhingan karo para Wali. Raden Patah banjur
ngadekake Masjid Agung ing Demak, lan digunakake minangka sarana dakwah lan
nyebarake Islam, kanthi cara nyawijikake budaya ing papan kono.
Sawetara
dina, digawe sawijining adicara kang ngepasi karo dina wiyosane Nabu Muhammad
saw, ing jero Masjid diadani dakwah kanthi sarana piranthi gamelan. Swara
gamelan kuwi wusanane bisa nggeret wigatine para warga kang padha teka ing
papan kono banjur disyahadatake. Akeh wong sing seneng lan saya suwe adicara
iku kasebut sahadatan utawa Sekaten.
Lakune
upacara tradisi Sekaten ing kraton Surakarta dilaksanakake ngepasi dina
wiyosane Nabi Muhammad saw, tanggal 5 nganti 12 Rabiul awal. Sepisan pengetan
Sekaten tanggal 5 Rabiul awal, diwiwiti acara ngetokake rong pangkon gamelan
tilasan jaman Demak, saka jero Kraton. Gamelan kuwi banjur digawa liwat
alun-alun teka sajroning Masjid Agung, sadurunge dietokake saka kraton luwih
dhisek dislameti, umbul donga lan diwenehi sesajen. Sawise pasrah tinampi saka
utusan kraton marang penghulu Masjid, gamelan dipapanake ing Bangsal Pradangga
ing kidul lan lor latar ngarep Masjid Agung Surakarta. Gamelan ditabuh nalika
wis ana utusan saka Kraton sing mrentahake supaya ditabuh, yakuwi wanci jam
papat sore.
Rong
piranthi gamelan kuwi jenenge Kyai Guntur Madu, mapaning perangan kidul kang
nglambangake syahadat tauhid. Denen Kyai Guntur Sari mapan ing lor Pendhapa
Masjid Agung kang nglambangake syahadat rosul. Gamelan Sekaten kang ditabuh
tanggal 5 Rabiul awal jam papat sore kuwi tansah dienteni dening para warga.
Akeh-akeh wong padha ngrudug Masjid Agung, saperlu ngrungokake gamelan sing
ditabuh pisanan.
Sabanjure
kuwi, gamelan kuwi ditabuh genti genten sasuwene pengetan Sekaten. Gamelan
ditabuh wayah esuk wiwit jam sanga, wayahe asar lan luhur mandheg, banjur
ditabuh maneh lan mandheg maneh nalika mlebu wayah maghrib lan isya, ditabuh
maneh nganti jam 12 bengi.
Sawise
pengetan Sekaten dilakoni pitung dina, wanci tanggal 12 Rabiul awal, yakuwi
dina lahire Nabi Muhammad saw diadani upacara grebeg yakuwi upacara slametan
liwat simbol gunungan sing diusung metu saka Kraton.
Miturut
GPH Puger, upacara iku minangka momentum wilujengan rasa syukur marang Gusti
kang maha kuasa kang wis paring berkah lan kanikmatan ing donya. Saka sejarahe
Sekaten kuwi ora mung salumrahe ritual taunan, para Wali kang nyiarake agama
Islam nggunakake sarana gamelan kanggo nggeret kawigatine warga ing Masjid
Demak. Nalika wong-wong padha teka, sadurunge mlebu Masjid diprentahake sesuci
(wudu) lan maca syahadat. Dakwah utawa syiar agama Islam ketara kenthel banget
ing jaman kuwi.
Nanging
nalika mlebu jamane Mataram Islam, bobot kualitase rada mudhun, warga kang
ngebaki Masjid wis ora dituntun maca syahadat maneh panyawange nalika kuwi wis
akeh warga kang mlebu Islam. Banjur dibacutake dening Kraton Surakarta lan
Ngayogyakarta nganti saiki. Sing isih katon mung basa simbol kang diwujudake
saka gunungan. Wujud gunungan kang mucuk lan saya lincip pucuke, mujudake rasa
syukur lan ngarah dhumateng Gusti Kang Maha Kuasa. Dene isen-isen ing gunungan
kuwi kang mujudake asil bumi lan sakabehe kang wis diparingake dening Gusti
Kang Maha Kuasa. Miturut saperangan wong, isen-isen gunungan kuwi duweni
piyandel dhewe-dhewe.
Ana
sugesti menawa isen-isen gunungan kuwi wis di dongani, mula ngamot berkat utawa
barokah kanggo uripe warga sing bisa njupuk lan ngrawat isen-isen gunungan kuwi
mau. Akeh simbol kang bisa kapethik saka makna Sekaten, ana wulangan spiritual
lan rasa kurmat sarta syukur dhumateng Gusti, paugeran urip, dumadine manungsa
nganthi kuwajibane wong lanang, wong wadon, lan anak ing urip bebrayan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar