Selasa, 17 Juni 2014

SUMPEL


Pengamen, pak tani, bu kadus, kontraktor,
Pe-eN-eS, polisi, semana uga presiden
Kabeh kepengen kamulyan
Direwangi adus kringet, kala-kala adol awak
Kae delengen,
Bocah kakang adhi luntang-luntung ngedol aji
Amung ngenteni wewelas
Mangan sakpulukkan ora krasa yen sing muluke dudu rama lan ibune
Aja kok gadhekna
Emoh, pokoke aku emoh
Aku ora lila kontraktor
Mbuh sepiruwa anggonmu ngebreki dluwang abang
Elinga..........
Sawah-sawah iki panguripane bebrayan
Jare simbah gemah ripah loh jinawi
Apa-apa kang sineleh ing bumi pertiwi
Mesti, bakal nglahirake panguripan anyar kanggo anak putu
Yen kabeh kok bangun pabrik, kafe, karaoke
Saiki apa maneh kontraktor?
Pengen ndeleng anak bojomu ora mangan?
Kabeh-kabeh kok tambal semen
Apa ora kok ngerteni kontraktor
Polahmu iku mbebayani wong liya
Sisa blethong gawe banyu reged agawa lelara
Lemah lemah kesumpel ora bisa nguripi kaya semana uga
Saiki arep muluk nggone sapa?
Mula to mula mikira teka semana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar