Merak pancen seneng macak, mula
tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora
sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana
lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe,
Rak,” ujare Kancil marang Merak. “Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki
paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga
supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan
lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute
tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?”
pitakone Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi
peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo
maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang
awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok
baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”
Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune
Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan
piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu!
Saben kewan ora sebah nyawang!”. “Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe.
Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe!
Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan,
wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”
Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung
pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha,
Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane
Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus
mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep
ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar. “Bisa
wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”. “Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu. “Ya sabar,
Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku”. “Terus
kapan?”. “Udakara rong mingguan”. “Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur
nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem. “Cil, Kancil”. Yen duwe
kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni
kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing
dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki wis
rong minggu!”. “Beres!” jawabe
Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake. “Gila! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu
swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake
ing badanmu!”. “Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil
karo lungguh dhingklik sacedhake Merak. Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet.
Bareng kawawas wis
ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane.
Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene
wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil. Sedina natas, kabeh wulu wis
kapasang ing kulite Kancil. “Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon,
ndang ngiloa!”. ”Kancil banjur
ngilo”. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!”
celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”. “Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak
mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute
ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu”. “Lho, wulu-wulu kuwi
mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”. Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “Wis, Rak. Aku
pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke
kahananing awakku saiki!”. “Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake
Kancil metu saka omahe. Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan.
Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur
edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing
diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem gila. Gila amarga weruh kahanan kang
ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha
kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati. Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng
tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil,
gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora
bisa lumaku. “Tulung!
Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane. “Ana apa, Cil?” pitakone Merak
krungu pambengoke Kancil. “Gage tulungana aku, saranduning badanku angel
diobahake!”. “Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe
gelem?”. “Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni.
Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik,
edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket
ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing
katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat.
Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna
lan bathine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar