“Jaka…..Jaka, wis
rampung aduse durung!”
“Durung Pakdhe,
lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono wis wanyel karo
Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing
tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke dokokon
cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing
tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
“Ana apa tha
Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?”.
“Wo…alah…le..le..bocah paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit dek mau. Lha
kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar
dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah lelete….Masyaallah….paringana sabar!”.
“Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu
saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!”. “Pakdhe niki pripun tha
aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!”. “Yo…wis…wis ayo padha
mangkat silak ketinggalan sepur mengko!”.
Joko Bodho karo
Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing
cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis lan bias
numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho
amarga deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis
Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing
arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur,
saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan bedha.
Bubar enthuk
panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur
dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen
Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis
sepure digawa Pakdhene.
Bedha karo Jaka
Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur bubar enthuk
panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah kara Pakdhene.
Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu malah
nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake
Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu!,
wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha nganti
bengi, aku isih ngantuk!”. “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar ,
pundhi karcis sepure?”. “Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa kara
Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing
neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. “Pundhi mas Pakdhe jenengan,
napa niki?”. “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa
ajeng sekolah menyak Yogya!!!”. “Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe
kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet
sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye
carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete
padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.
Pakdhe Darsono
ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?. Mbareng wis chedak
dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Mbanjur dheweke
nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi ngawe tontona
sak sepur. “Iki ana apa tha?”. “Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?”. “Bocah
ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!”.
“Ampun…ampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh”. “Yo….wis ana apa iki padha
rame-rame neng kene?”. “Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih
kula, lha kula khan mboten gadah karcisipun Pakdhe”. “Yo wis iki mas karcise
aku karo ponakanku”. “Nggih pak matur nuwun”.
Mung siji
setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho
karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis teka ana Malioboro.
Teka Malioboro
Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh sing dodolan
klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur
manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke
kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe kula
nuwun klambi niku nggih”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo
during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?”. “Inggih Pakdhe,
njenengan niku moten pelit-pelit sanget”. “Dadi aku kudu mbayari klambi,
kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah… nuwun sabar ngadepi bocah koyo
ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?”.
“Inggih Pakdhe pasti niku”.
Bubar Joko Bodho
rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang.
Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang
Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan
yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa Bodho wis
enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep ngajak lunga Joko
Bodho maneh. Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake
Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar