Dening
Eko Suprapto
Rina lan wengi
Sing tak anti-anti
Bapa bisa....
Sinanding klawan ragamu
Slendang lurik
Keslewang raga ibumu
Kasawang marang mripatku
Ndadekake notose eluhku
Kedere jiwaku
Wuyunge atiku
Nduk, anakku
Sajroning jiwa bapamu
Kepengen ngupaya uripmu
Nggulawentah raga lan jiwamu
Paring pikoleh marang gedhemu
Muga Gusti
Krungu gela atiku
Tangise atiku
Saben rina, candra tansaya dadi
Bapa terus ngupaya gawe redeme ati
Tentreme jiwa raga iki
Kanthi nglali lan manembah ing Gusti
Nduk anakku
Bapa nyuwun kalawan Gusti
Kapan dina apik bakal dumadi
Bapa ikhlas jiwa raga iki
Kanggo nyawijine ragamu
Nyawijine ragamu kalawan bapa lan biyungmu
(Mandiri
No.3/2012)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar