Rabu, 25 Juni 2014

PARIKAN



Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen sing nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.
Upamane:
1.      Cacahing wanda ukara kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
2.      Ukara ing ngarep mung kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi utawa “wose”.
3.      Tibaning swara ukara kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
4.      Parikan bisa kedadean saka rong gatra (larik), nanging bisa uga 4 gatra.
Ing basa Indonesia parikan diarani pantun.
Tuladha parikan:
1.      a) Kutha kendhal, kaliwungu
    Ajar kenal, karo aku
b) Pitik cilik, nothol upa
    Ala sithik, uga kena
2.      a) Kembang aren, sumebar tepining kalen
    Aja dahwen, yen kowe kepengin kajen
b) Kembang menur, ditandur ing pinggir sumur
    Yen wis makmur, aja lali mring sedulur
3.      Bibi surip tuku klobot
Pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancen abot
Mula becik ngati-ati
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar