- Tembang Dolanan
Tembang dolanan yaiku tembang kanggo bocah-bocah
kang duwe ancas nglipur ati ben padha seneng lan keslamur atine supaya
ngimbangi antarane “kegiatan” lair lan batine. Ana ing pagelaran wayang, pas
nalika gara-gara tembang dolanan asring digunakake.
Judul-judul
tembang dolanan:
1. Cublak-cublak
suweng
2. Sluku-sluku
bathok
3. Kate-kate
dipanah
4. Aku
duwe pitik
5. Jamuran,
lsp.
Tuladha
tembang dolanan:
Aku Duwe Pitik
Slendro Pathet Sanga
Aku
duwe pitik, pitik tukung,
Saben
dina dakpakani jagung,
Petoh
gogog petog petog ngendhog pitu,
Dakngremake
netes telu,
Dadi
jago go adon klawu,
Awake
otot tot mungsuh mlayu.
Piwulang budi pekerti kang bisa
kapethik saka tembang ing dhuwur yaiku:
1. Watak
tanggung jawab, yen ngingu kewan kudu diopeni kanthi becik.
2. Ngerti
males budi.
3. Sing
sapa nandur kabecikan, bakal ngundhuh kabecikan.
4. Kang
ora prelu ditiru (ditindakake) seneng adu jago, ora becik.
- Tembang Campursari
Tembang campursariiku jinising lelagon Jawa.
Campursari tegese lelagon Jawa kang ngemot pirang-pirang aspek seni (sajroning
lelagon pepak banget). Katitik saka lagu kang kerep dianggo campursari bisa
awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhe, sekar gendhing, bawa,
umpak-umpak, lsp. Tokoh campursari sing kondhang yaiku Manthou’s, Didi Kempot,
Nurhana, Mamiek Melani lan liya-liyane.
Instrumen kang dianggo ngiringi lagu, awujud gamelan
tradisional Jawa lan musik nasional. Lelorone dianggo bebarengan kanthi trep,
nganti kepenak dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu
harmoni seni campursari. Instrumen campursari kang kerep kanggo, kayata
kendhang, demung, gong, rebab, piano, lan gitar.
Miturut
wujude campursari kaperang dadi:
1. Lelagon
Campursari
Tuladha: Gethuk, Tamba
Ati, Nonong, Cucak Rawa, Mbah Dukun.
2. Macapat
Campursari
Tuladha: Anjasmara
Arimami (Asmarandana), Sidasih, Turu, Lare (Dhandhanggula), Dedalan (Mijil),
Semar Iku (Pocung).
3. Lelagon
Dolanan
Tuladha: Dhayohe Teka,
Turi-turi Putih, Aja Lamis, Buta Galak, Iris-irisan Ela, Canthing Jali.
4. Langgam
Campursari
Tuladha: Ngidamsari,
Reformasi, Caping Gunung, Dadi Ati, Ketaman Asmara, Resepsi, Anting-anting, Aja
Sembrana, Jenang Gula, Wuyung, Yen ing Tawang.
5. Lelagon
Sekar Gendhing Campursari
Tuladha: Wahyu, Ayak
Pamungkas, Puspa Giwang, Umbul Donga.
Tuladha Langgam Campursari:
Ketaman
Asmara
Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa
turu
Tansah kelingan sliramu
Wong kang dadi
pepujanku
Bingung rasaning atiku
Arep sambat nanging
karo sapa
Nyatane ora kuwaaw
Ngrasakake atiku mung
tansah nelangsa
Wis tak lali-lali
Nanging tekan besuk
kapan
Nggonku mendhem ora
bisa turu
Apa iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman
asmara
Nyatane ora kuwawa
Ngrasake atiku sing saya nelangsa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar